Tembang dolanan yaiku reriptan gagrag anyar sing ora nganggo paugeran guru gatra, guru wilangan, lan dhong dhing, nanging bisa dilagokake lan dibarengi wiramaning gendhing. Mula saka iku, tembang dolanan bisa diarani gendhing-gendhing dolanan.
Tembang dolanan biyasa ditembangake dening bocah-bocah cilik, utamane ing padesan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalake bab sato kewan, sato iwen, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalane. Kadang kala tembang dolanan uga ditembangake dening waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Tembang dolanan kuna umume wujud kasusastran para anonim, yaiku ora dingerteni sapa pangriptane lan kapan dikarang uga ora dingerteni, nanging lelagon mau wis kaprah lan diapali dening bocah-bocah.
Tembang dolanan kuna
1. Cublak-cublak suweng
2. Gajah-gajah
3. Sluku Bathok
4. Gundhul Pacul
5. Jamuran
6. Jaranan
7. Kidang Talun
8. Kupu Kuwi
9. Lir ilir
10. Menthok-menthok
11. Padhang Bulan
12. Pitik Tukung
13. Suwe ora jamu
14. Te Kate Dipanah
Tembang dolanan gagrag anyar
1. Lesung Jumengglung
2. Swara Suling
3. Prau Layar
4. Warung Pojok
5. Goyang Semarang
6. Sapa Ngira
7. Ngundha Layangan
8. Sapu Tangan
9. Mari Kangen
10. Caping-capinge
Tuladha :
Swara Suling
Swara suling, ngumandhang swarane
thulat thulit, kapenak unine
uuuunine mung
nrenyuhake bareng lan kentrung
ketipung suling, sigrak kendhangane
Tidak ada komentar:
Posting Komentar