Parikan
Parikan
ing Basa Indonesia padha karo pantun utawa karmina. Parikan yaiku unen-unen
rong gatra kang gatra kapisan pacandhan lan gatra kapindho mawa teges kang
dikarepake. Wanda pungkasan gatra kang kapisan kecape padha karo wanda
pungkasan gatra kang kapindho. Gatra kapisan minangka purwaka, dene karepe ana
ing gatra kapindho. Paugeraning parikan antarane ing ngisor iki.
v Cacahing
wanda ukara kapisan kudu padha karo ukara kapindho.
v Ukara
kang ngarep minangka kanggo bebuka, dene ukara kapindho minangka wos utawa
surasane (ing Basa Indonesia diarani sampiran la nisi).
v Tibaning
swara (guru lagu utawa dhong-dhinge) ukara kapisan kudu padha karo ukara
kapindho.
v Parikan
bisa katulis dadi rong gatra utawa larik, nanging uga bisa katulis dadi patang
gatra.
v Saben
sagatra bisa kapedhot dadi 4-4, 4-8, utawa 8-8.
Tuladha
:
Parikan
4-4
Abang-abang ora legi, ora legi,
Tiwas magang, ora dadi.
Parikan
4-8
Cengkir wungu, wungune asulak biru
Ambeg sadu, sabar drana momot
mengku.
Parika
8-8
Esuk nakir sore nakir, sing ditakir
godhonge plasa,
Esuk mikir sore mikir, sing dipikir
rumangsa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar