Geguritan
Basa
Jawa iku sugih kasusastran, salah sijine yakuwi geguritan. Miturut kamus,
geguritan iku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang,
nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg. Dene miturut
Subalinata (1994:45), geguritan iku iketaning basa kang memper syair. Mula ana
sing ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung
gurita, tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggane
gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu
dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang werna-werna wujuding
dhapukane.
Adhedhasar
dhapukaning ukara lan pangiketing tembung, werna-werna araning geguritan, kaya
ing ngisor iki.
a. Syair
rong gatra sapada = gita dwi gatra
b. Syair
telung gatra sapada = gita tri gatra
c. Syair
patang gatra sapada = gita catur gatra
d. Syair
limang gatra sapada = gita panca gatra
e. Syair
nem gatra sapada = gita sad gatra
f. Syair
pitung gatra sapada = gita sapta gatra
g. Syair
wolung gatra sapada = gita hastha gatra
h. Syair
sangang gatra sapada = gita nawa gatra
i. Syair-syair
dhapur sonata
j. Syair
bebas
Babagan
kang awrat saka geguritan yaiku : tema, pamilihane tembung utawa diksi, sarana
retorika, lan amanat utawa pesen kanggo pepeling marang wong kang maca.
a. Tema,
yaiku idhe baku utawa pikiran baku kang dadi dasare geguritan iku.
b. Diksi,
yaiku pamilihe tembung. Nanging dudu mung pamilihe tembung kang dianggo ing
geguritan iku, nanging uga perkara frasaologi lan gaya bahasa.
c. Frasaologi,
yaiku nyakup perkara tembung-tembung ana ing tatanane.
d. Gaya
bahasa, iku bagean saka diksi kang duwe nilai artistik. Gaya bahasa iku perkara
kepriye nulis lan migunakake tembung-tembung kanthi endah lan merkarakake cocok
orane tembung, frasa, lan klausa kanggo nggambarake kaanan tartamtu.
e. Sarana
retorika, yaiku alat kanggo medharake apa kang arep diandharake ana ing
geguritan iku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar