Selasa, 31 Desember 2013

Wacan Rumpang



Maca wacan kang rumpang

Sawijining teks iku nduweni panunggalan teges utawa arti. Mula, teges utawa maksud utawa arti bagean ngarep sawijining teks nduweni sesambungan utawa koherensi karo maksud bagean teks sabanjure. Mula iku, yen salah siji ukara durung rampung, wong kang maca bisa menehi tambahan supaya ukara kasebut ganep utawa bisa ngira-ira ukara bacutane.
Kanggo ngira-ira bacutane, pamaca kudu nggatekake penandha-penandha kohesi kang gunane nyambungake ukara karo ukara, antarane :
1.    Tembung-tembung kang nuduhake (references), kaya iku, iki;
2.    Tembung-tembung kang dadi pengganti (substitution), kaya kowe, aku, dheweke, lan sapiturute;
3.    Tembung kang dibaleni (repetition);
4.    Tembung kang diilangi (ellipsis);
5.    Tembung kang kanggo nyambung (conjunction), kaya nanging, amarga, mula iku, lan sapiturute.
Konjungsi utawa penandha kanggo nyambungake ukarane antarane :
a.     Konjungsi pratandha, kayata sarta, ingkang kapisan, salajengipun;
b.    Konjungsi wektu, kayata saderengipun, rikala, samangke;
c.     Konjungsi klimaks, kayata saestu, satuhu, langkung-langkung;
d.    Konjungsi kang sipate nandhingake, kayata kados, bebasan;
e.     Konjungsi pratandha kosok balen, kayata senadyan, ananging, ewasemanten;
f.      Konjungsi pratandha gambaran utawa ilustrasi, kayata upaya, tuladha;
g.     Konjungsi pratandha sebab akibat, kayata pramila, awit saking punika;
h.    Konjungsi syarat, kayata menawi, bilih;
i.       Konjungsi pratandha alat, kayata karo, mawi, kaliyan, nganggo; lan
j.       Konjungsi pratandha kasimpulan, kayata wosipun, ringkesanipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar