Wayang iku pagelaran kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakoni dening dhalang kanthi iringan gamelan. Para ahli durung ana kang bisa mesthekake kapan wayang iku ana ing Indonesia. Nanging yen ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurunge agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka India. Pagelaran iki dienggo sarana nyembah marang roh leluhur.
Miturut R.T Josowidagdo, wayang yaiku ayang-ayang utawa bayangan. Amarga dideleng saka bayangane sing ana ing kelir. Kelir iku awujud kain putih sing digelar ing pentas pagelaran wayang lan ayang-ayang iku metu amarga ana sinar belencong sing gumandhul ing dhuwur sirahe dalang.
Tuladha cerita wayang
Sintha Kandhusta
Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap
ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya
tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari. Ngancik telenging wana, peteng
ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang
kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra
lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang
sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng
gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun
Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang
raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri.
Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa
punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring
ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana
ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama. Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis
ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke
papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan. Endah kagete
Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning
pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang
Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap
kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang
Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa sempurna. Awit saka panyuwune
Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing
Suarga.
Ing lelampahan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana
ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi
karo Rama. Nalika, ing
tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka
kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku
saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing
jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha,
banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke
Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya.
Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke
tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi Raja maneh ing
Guwakiskendha. Kanggo bales
budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu
Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama
lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel
wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni
kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta
didhelikake.
Pungkasane, kedadean perang gedhe Pancawati
mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane
Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek
balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang.
Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta
susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh.
Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku
kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar