Bebasan,
Paribasan, lan Saloka
1. Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang
gumathok, ajeg panganggone, ngemu rasa pepindhan, dene sing dipindhanake
pakarti utawa kaanan wong.
Tuladha :
a. Ancik-ancik
pucuking eri.
Tegese
: nyambut gawe tansah
minggrang-minggring wedi yen luput.
b. Kebo
lumumpat ing palang.
Tegese : ngadili prakara ora nganggo wewaton
(pathokan ukum)
c. Diwenehi
ati ngrogoh rempela.
Tegese
: wis diwenehi sethithik, malah njaluk
luwih akeh.
2. Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang
gumathok, ajeg panganggone, lan tegese wantah.
Tuladha :
a. Becik
ketitik ala ketara.
Tegese : becik lan ala bakal ketara ing tembe
burine.
b. Gayuk-gayuk
tuna.
Tegese : samubarang kang dikarepake ora bisa
keturutan.
c. Rukun
agawe santosa, crah agawe bubrah.
Tegese : kerukunan ndadekake kasantosan, congkrah
ndadekake karusakan.
3. Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang
gumathok, ngemu surasa pepindhan, dene pepindhan mau tumrap wong lan kaanan
utawa pakartine.
Tuladha :
a. Ora
ganja ora unus.
Tegese : wong kang ala rupane uga ala atine.
b. Ngalem
legine gula.
Tegese
: ngelembana kapinteran lan kaluwihane
wong kang pancen pinter utawa linuwih.
c. Sedhekep
ngawe-awe.
Tegese
: wis ninggalake tumindak ala, nanging
ing batin isih kepengin nglakoni tumindak ala maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar