Senin, 09 Desember 2013

Macapat



Macapat
Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Saben bait macapat nduweni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwe sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Macapat kanthi jeneng sing beda uga bisa ditemokake jroning kabudayan Bali, Sasak, Madura, lan Sunda. Sajabane kuwi macapat uga nate ditemokake ing Palembang lan Banjarmasin. Biyasane macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata). Nanging bab iki dudu siji-sijine makna, penafsiran liya uga ana. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitane pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wetan lan Bali macapat wis dikenal sadurunge teka islam.
Karya-karya kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar, umume ditulis nganggo metrum macapat. Sawijining tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umume ora dianggep minangka asil karya sastra nanging mung kayadene daftar isi wae. Sawetara tuladha karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wulangreh, Serat Wedhatama, lan Serat Kalatidha.
Puisi tradhisional Jawa utawa tembang biyasane diperang dadi telung kategori : tembang cilik, tembang tengahan, lan tembang gedhe. Macapat digolongake kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, dene tembang gedhe arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapake prabedan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyane kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yen dibandhingake karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi beda lan luwih gampang dipatrapake jroning basa Jawa amarga beda karo kakawin sing didhasarake marang basa Sansekerta, jroning macapat prabedan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakake.
Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya :
·       Guru gatra            : wilangan larik/gatra saben pada
·       Guru wilangan     : wilangan wanda saben gatra
·       Guru lagu             : tibane swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Dene, tembang utawa sekar sejatine ana werna-werna. Lumrahe diperang dadi telung jenis, yaiku : Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.
Macapat dumadi saka tembung maca kang tegese nglagokake lan tembung pat saka mingsed ing tembung mat, wancahan nikmat, tegese krasa banget. Dadi macapat nduweni teges seneng maca kanthi kepenak kebak ing pangrasa.
Tembang macapat nduweni watak kang bisa kanggo nggambarake manungsa. Watak tembang macapat kasebut yaiku :
a)    Mijil watake weturing rasa, gandrung utawa prihatin anggone golek ngilmu.
b)   Maskumambang watake nelangsa, prihatin, karanta-ranta.
c)    Sinom watake grapyak, renyah, lan sumanah.
d)   Asmarandana watake sedhih, sengsem, lan sumanah.
e)    Gambuh watake wani wanuh, kulina, lan rumaket.
f)     Kinanthi watake seneng, tresna, lan asih.
g)    Dhandhanggula watake kenes, luwes, lan resep.
h)   Durma watake galak, nantang, nesu, lan muntab.
i)      Pangkur watake sereng, kejem, nantang.
j)      Megatruh watake sedhih, memelas, getun, prihatin.
k)   Pocung watake kendho, sembrana parikena.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar