Maca
Cepet
Maca cepet yaiku
maca sakakeh-akehe kanthi wektu kang sacepet-cepete. Maca cepet diwastani kasil
menawa saben menit wis bisa antuk 250 tembung, menawa durung bisa nggunakake
cara ing ngisor iki.
1. Maca
jroning batin kanthi konsentrasi.
2. Swara
lembut cukup keprungu dhewe.
3. Aja
nggunakake tuding utawa driji.
4. Aja
ngobahake sirah lan mripat tumuju ana wacan.
5. Aja
mbaleni tembung kang wis diwaca.
6. Aja
ngeja aksara.
Katrampilan
dhasar maca antarane katrampilan ngawasi mripat, tembung, frasa, lan tembung
kunci. Ana rong cara nalika maca cepet, yaiku cara skimming lan scanning.
1. Skimming
yaiku cara maca kanggo nggoleki bab-bab kang wigati kanthi cepet, tuladhane
nggoleki pokok pramasalahan, pendhapat wong utawa kang penting kanthi ora maca
kabeh.
2. Scanning
yaiku cara maca kanggo nggoleki kabar informasi kang wis dibutuhake, carane
cukup maca bagean kang digoleki, tuladhane nggoleki nomer telpun ing buku
telpun, nggoleki tembung ing kamus, nggoleki nomer indeks, lan sapiturute.
Kanggo
ngitung bantere utawa cepete maca, ana rumus kang bisa digunakake. Rumus maca
cepet kasebut yaiku :
Cacahe
tembung kang diwaca x 60 = cacahing
tembung saben menit (tsm)
Cacahe
detik kanggo maca
Tidak ada komentar:
Posting Komentar