Jumat, 06 Desember 2013

Micara Pidhato



Micara Pidhato
Kepriye carane pidhato kang apik lan kasil bakal dijlentrehake ing kene. Wektu pidhato, pemicara digatekake dening kabeh kang ngrungokake. Kabeh kang ana ing pemicara saka klambi, rambute, lan carane mlaku ning podium digatekake dening pamirenge. Kepriye carane ngadeg uga ora luput saka pangamatane pamireng pidhato iku. Apa kang ora pas saka pemicara bisa dadi bahan penacad dening pamirenge. Panacad iku nyababake pidhatone ora kasil kanthi apik.
Mula iku ning ngisor iki dijlentrehake kepriye carane supaya anggone pidhato ora nguciwani.
1)   Carane nganggo klambi
Klambine kudu resik, rapi, sopan, lan sesuai karo kaanane pemireng pidhato iku. Carane nganggo penganggon utawa klambi kudu bener lan pener, upamane : pecine ora miring, dasine anggone nalekake wis bener, utawa setute ora kuwalik. Jinise klambi uga kudu nyesuaiake karo pemirenge, yen pemirenge nganggo jas pemicarane becike uga nganggo jas, yen pemirenge nganggo hem lengen dawa becike pemicarane uga nganggo hem lengen dawa.
2)   Carane ngadeg ing podium
Sadurunge diwenehi wektu dening wong kang macakake pranata adicara, becike pemicara lungguh ana papan kang rada ndelik. Aja lungguh ana ngarepe pemireng, amargh penampilane mengko ora duweni daya kejut. Anggone mlaku anuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawe-gawe. Sadurunge ngomong, ambegan lan nyawang kabeh para pemirenge kanthi sumringah. Anggone ngadeg kanthi jejeg lan aja nyenderake awak ning podium.
3)   Carane nggoceki Mikrofon
Mikrofon kang ana standare ora perlu digoceki bola-bali amarga bisa muni lan brebegi. Dene mikrofon kang ora ana standare digoceki kanthi lumrah bae. Aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi ning panggung, mikrofon karo lambe aja kecedhaken utawa kadohan.
4)   Carane pidhato
Carane pidhato iku ana papat, yaiku maca naskah, ngapalake, spontanitas (impromptu), lan njlentrehake utawa njabarake kerangka pikiran (ekstemporan).








Tidak ada komentar:

Posting Komentar