Tembang
campursari
Campursari iku
jenising lelagon Jawa. campursari tegese lelagon Jawa kang ngemot pirang-pirang
aspek seni (sajrone lelagon pepak banget). Katitik saka lagu kang kerep
dianggo, campursari saged awujud lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe,
sekar gendhing, bawa, umpak-umpak lan liya-liyane. Tokoh campursari kang
kondhang yaiku Manthous saka Gunung Kidul. Sabanjure tuwuh penyanyi-penyanyi
campursari liyane, kayata Sunyahni, Didik Kempot, Nurhana, Mamiek Melani, Cici
Sahita, lan sapanunggalane.
Katitik saka instrument
kang dianggo ngiringi lagu, awujud gamelan tradhisional Jawa lan musik
nasional. Lelorone dianggo bebarengan kanthi trep nganti kepenak dirungokake. Gabungan
instrument kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni campursari. Instrumen
campursari kang kerep kanggo, kayata kendhang, demung, gong, rebab, piano, lan
gitar.
Lelagon campursari
mono kang baku seneng, gumyak, lan nges swasanane. Padatan campursari kerep
kanggo nglelipur ing pahargyan, embuh iku pengetan 17 Agustus, sunatan,
tasyakuran, mantenan, lan liya-liyane. Campursari uga asring dianggo lelagon
dening pendhagel, gara-gara ing wayang kulit utawa wayang wong, limbukan wayang
kulit, dhagelan ing kethoprak, lan sapanunggalanipun.
Saliyane endah,
lagu campursari uga ngandhut nilai-nilai lan amanat kanggo pemirenge. Mula saka
iku, supaya bisa nemokake nilai-nilai lan amanate, syair lagune diwaca kanthi
tlesih lan diapresiasi. Apresiasi syair lagu campursari yaiku ngamat-amati lan
menehi pambiji tumrap syair kasebut.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar