Nulis Layang Pribadi
Surat
utawa layang nduweni pangerten yaiku salah siji bentuk komunikasi kang awujud
tulisan. Manut basa, isi, sipat lan asale, layang bisa diperangi dadi papat,
yaiku :
a. Layang
resmi
b. Layang
dina
c. Layang
niaga
d. Layang
pribadi
Layang
pribadi yaiku layang kang tujuane kanggo kepentingan pribadi, kayata anak
marang wong tuwane, kowe marang kancamu raket, lan sak piturute.
Menawa
arep gawe layang kudu mangerteni perangane layang kang jangkep :
a.
Satata basa : alamate layang bisa katulis ing dhuwur dhewe
sisih tengen, uga bisa ing dhuwur dewe sisih kiwa. Biasane layang ulem ana sing
ora nganggo satata basa.
b.
Adangiyah : nelakake unggah-ungguhing sing kirim layang
pawarta.
c.
Pambuka :
nelakake kabar keslametan sing kirim layang lan pangarep-arep supaya sing
dikirimi uga slamet.
d.
Surasa basa : nelakake apa bae sing prelu dikabarake marang sing
dikirimi.
e.
Wasana basa : nelakake panjurung kang gegandengan karo isine
layang.
f.
Titi mangsa : nelakake nalika nulisa layang.
g.
Peprenahan : nelakake prenahe wong sing ngirimi karo sing
dikirimi surat, upamane bapak, ibu, eyang, ingkang putra.
h.
Tapak asma : nelakake tandha tangane sing kirim layang.
i.
Asma terang : nelakake jeneng cetha sing kirim layang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar