Jumat, 06 Desember 2013

Tuladha tanggap wacana



Tuladha tanggap wacana :
1.    Nuwun
2.    Ingkang kenabekten Bapak Kepala Sekolah, Ingkang pantes sunudarsana Bapak saha ibu Guru, Ingkang kinurmatan Bapak tuwin Ibu karyawan, para kadang wredha mudha siswa SMA Kalingga ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan. Inggih awit saking sih nugraha sarta berkahipun, kulan panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya, kali sing sambekala.
Salajengipun, kula minangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan, saged adamel rengenging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken agunging panuwun. Boten kesupen, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih pengetan ambal warsa SMA Kalingga ingkang kaping 25 ing kalenggahan siyang punika. Ugi kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapak saha Ibu Guru sumrambah para karyawan ingkang kepareng paring eguh pratikel murih pratitising adicara. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para kadang wredha mudha siswa SMA Kalingga, ingkang asung sabiyantu ngantos adicara punika saged lumampah.
3.    Para Bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Akdos sampun kauningan ing ngakathah bilih rikala tanggal 1 Juni 1985 sekolah punika manggen wonten mriki.
Dene wosing gati wigatosing perlu, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan punika. Wondene ancas ingkang kinadhut, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ngadelaken tekad, majengaken panggulawenthan umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.
4.    Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMA Kalingga dalah pameran, bazaar, tuwin dhebat mawi basa Jawi, badhe kababar menika mangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh labetipun para sesepuh tuwin alumni SMA rikala semanten sanyata boten entheng. Ingkang tundhanipun saged nglajengaken semangatipun, pangurbananipun. Boten babad wana awrat, boten ugi damel maragi tumuju ing sekolah, nanging alelandhesan piker ngukir sekolah ingkang majeng ing babagan prestasi punapa dene akhlak.
Awit saking punika, kula nyuwun panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa SMA Kalingga kalajengaken mbikak adicara pameran, bazaar, dalah dhebat mawi basa Jawi.
5.    Ing wasana, sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara. Naming kemawon, mbokbilih lampahing adicara punika kirang mranani panggalih panjenengan, panitya nyuwun pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.
6.    Nuwun, matur nuwun


Tanggap wacana pengetan ing dhuwur iku nyakup : salam pambuka, purwaka basa, surasa basa, pangarep-arep, wasana basa, lan salam panutup. Supaya wedharing tanggap wacana bisa rangag, gangsar, lan lancar, kudu kerep gladhen luwih dhisik. Dene gladhen kang sanyata kudu diwiwiti saka wedharing gagasan. Supaya wedharing gagasan bisa urut runtut, kudu digawe cengkorongane luwih dhisik.
Tuladha tanggap wacana ing dhuwur, cengkorongane mangkene :
1.    Salam pambuka
2.    Purwaka basa
a.     Atur pakurmatan
·       Bapak Kepala Sekolah
·       Bapak lan Ibu Guru
·       Bapak lan Ibu karyawan
·       Para mitra sasama siswa
b.    Pangajak puja-puji
·       Pribadi
·       Para rawuh
c.     Atur panuwun
·       Para rawuh
·       Para panjurung
·       Para penyengkuyung
3.    Surasa basa
a.     Wedharan sawetara
·       Prastawa pengetan ambal warsa
·       Dhasaring pahargyan
b.    Wosing gati wigatining perlu
·       Kasuwun rawuh
·       Ancas tumapaking adicara
4.    Pangarep-arep
Gegayutan karo pengetan ambal warsa
·       Nulad semangate para sesepuh lan alumni SMA
·       Njumbuhake karo kahanan jaman saiki
5.    Wasana basa
Nyuwun pangapura
·       Bab adicara
·       Bab solah bawa
·       Bab tata tembung
6.    Salam panutup

Tidak ada komentar:

Posting Komentar