Pawarta
Pawarta iku kudu bisa
narik kawigaten kang maca utawa kang ngrungokake pawarta kasebut. Ana babagan
kang kudu digatekake ing pawarta antarane aktuwal utawa anyar, misuwur, ora
lumrah, lan dredah. Warta iku kudu bisa migunani tumrap kang maca utawa kang
ngrungokake.
Maca warta penting
kanggone masyarakat jaman saiki. Kanthi maca warta, kabeh informasi bisa
dimangerteni. Warta saka radhiyo, televisi, lan ariwarti utawa kalawarti umume
ngandharake babagan maneka warna. Macakake warta kanggo wong liya kudu
nggatekake kedal, lagu, lan pangucapan kang cetha supaya warta kasebut
bisa katrima marang wong kang
ngurngokake. Supaya warta iku bisa katampa dening kang ngrungokake, anggone
maca aja banter-banter lan nganggo sikap maca kang bener.
Menawa wis bisa maca
sawijining pawarta, banjur sinau carane nanggapi pawarta. Nanggapi pawarta
tegese menehi sambutan marang pawarta kasebut kanthi menehi pamanggih setuju
utawa ora setuju marang pawarta kang kewaca utawa dirungokake. Kang kudu
digatekake nalika menehi tanggapan antarane ing ngisor iki.
1. Tanggapan
diurutake utawa dijlentrehake kanthi panjlentreh kang cekak, padhet, lan uga
digunggun sing apik.
2. Pasulayan
utawa bab kang bakal ditanggapi kudu cetha.
3. Tembung-tembung
lan ukara kang bakal digunakake gampang dimangerteni.
4. Tanggapan
kudu kinatenan alesan kang logis. Menawa diprelokake, tanggapan bisa diwenehi
kanthi fakta lan bukti-bukti kang relevan.
Nalika nanggapi
pawarta, sikap kang kudu diduweni, yaiku evaluatif lan objektif. Sikap evaluatif
tegese nglakokake pambiji marang pawarta kang diwaca. Sikap objektif tegese
ngadhepi pawarta kanthi apa anane.
Ing ngisor iki enem
bagean kang bisa kanggo bobot timbang surasane pawarta bisa antuk kawigatene
bebrayan akeh.
1. Jeneng,
tegese pawarta kang digiyarake ngenani wong kang nduweni kawentar, tuladhane
tokoh politik, agama utawa artis kang gedhe banget pangaribawane marang
masyarakat. Saka jeneng bae bisa langsung narik kawigatene masyarakat kanggo
nyemak surasane pawarta kanthi cetha.
2. Anyar
(up to date ), tegese pawarta kang isih dadi undering rerasanan ana masyarakat
bakal antuk kawigaten kang luwih tinimbang pawarta-pawarta kang wis
kadaluwarsa.
3. Penting,
tegese pawarta kang digiyarake bisa dianggep penting kanthi ukuran hebat, arang
kadadeyan, kadadeyan gedhe utawa kadadeyan kasebut ana sambung rapete karo
bebrayan agung.
4. Konflik,
tegese larah-larahe kadadeyan ndadekake pasulatan utawa ontran-ontran bisa
narik kawigatene para pamiyarsa.
5. Caket,
tegese prastawa utawa kadadeyan kang digiyarake bakal luwih bisa narik
kawigaten menawa nduweni sesambungan kang cedhak karo pamiyarsa.
6. Unik,
tegese prastawa kang dilaporake nggumunake, arang kadadeyan bisa uga durung
nate bisa kasil luwih narik kawigatene bebrayan akeh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar