Selasa, 10 Desember 2013

Paramasastra



Paramasastra
Ukara sambawa yaiku ukara kang nduweni teges sanajan, upama, pangarep-arep, pangajab (muga-muga), mokal ing bab kelakone prasawa. Ukara sambawa lumrahe migunakake tembung kriya kang oleh panambang –a, -ana, utawa –na.
Tegese ukara sambawa :
a.     Duwe teges sanadyan
Tuladha     : Abota kaya ngapa, aku ora bakal sambat.
Tegese        : Sanadyan abot.
b.    Duwe teges umpama
Tuladha     : sugiha kaya ngapa yen ora mudeng dono driyah prasasat ora guna.
Tegese        : Umpama duwe
c.     Duwe teges pangarep-arep
Tuladha     : kowe mengko mrenea ya, aku kangen,
Tegese        : Pangarep-arep
d.    Duwe teges pangajab
Tuladha     : dak rewangi sinau mempeng, lulusa ya kanthi biji kang apik.
Tegese        : pangajab
e.     Duwe teges mokal
Tuladha     : kowe maneh ijen rampunga, wong sing wong telu wae ora rampung.
Tegese        : mokal (aneh yen mangkat)
Ukara yaiku kumpulane tembung kang duwe teges, karangke manut pranatan basa (parama sastra) sing gumathok.
Wernane ukara ana telu, yaiku :
š Ukara lamba (ganep), yaiku ukara lamba nduweni jejer, wasesa, sing ganep.
Tuladhane :
v Jejer + wasesa (SP)
Agus nyapu
v Jejer + wasesa (SP) + lesan (SPO)
Agus nyapu latar
v Jejer + wasesa + katrangan (SPOK)
Agus nyapu latar pendapa.
š Ukara elip, yaiku ukara sing ora ganep, amarga mung nduweni jejer bae utawa wasesa, ora duwe jejer lan wasesa pisan.
Tuladhane :
v Lanjar irunge bangir                          - jejer + katrangan
v Wanita ireng manis                           - jejer
v Mangan cenggereng laron                 - wasesa
v Lerena!                                               - wasesa
š Ukara rangkep (kalimat majemuk)
Ukara rangkep uga diarani ukara rowa kang tegese ukara kang nduweni jejer lan wasesa rangkep loro, kayata :
v Jejer + wasesa + jejer + wasesa + lesan + katrangan
v Jejer + wasesa + lesan + jejer + katrangan
v Jejer + wasesa + lesan + wasesa + katrangan
Dadi ukara rangkep iku ukara sing jejer loro wasesane loro utawa jejer loro utawa jejer loro wasesane siji.
Ukara rangkep kabagi ana telu, yaiku :
ü Ukara rangkep sadrajat
Ndandung lagi ngaji, Alwi maca.
ü Ukara rangkep raketan
Mbak Yu nggarap pakaryan omah lan adhi dolanan nekeran.
ü Ukara rangkep tundha (tingkatan)
Tangga teparo padha rawuh nalika Lanjar dadi manten.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar