Jumat, 06 Desember 2013

Nulis Wawancara



Nulis wawancara
Wawancara yaiku golek informasi saka wong kang diarani narasumber, utawa kang luwih komplet wawancara yaiku tukar pitakon lan wangsulan karo sapa wae kang dibutuhake kanggo dijaluk katerangan utawa wawasane babagan hal-hal tertamtu, kang ana gandheng cenenge karo tujuan wawancara, kanggo dimuat ana layang kabar, disiarke radio, utawa ditayangake ana televise, utawa kanggo keperluan lamaran gaweyan utawa penelitian ilmiah.
Anggonmu wawancara marang wong kang luwih tuwa kudu nggatekake tata kramane basa. Babagan kang perlu digatekake sadurunge nindakake wawancara yaiku kaya ing ngisor iki :
a.     Nemtokake topik wawancara
b.    Nemtokake tujuane (informasi apa kang pengin digoleki)
c.     Nyiapake pitakon-pitakon
d.    Nemtokake sapa narasumbere
e.     Gawe janji karo narasumbere, kapan lan ana ngendi anggone ketemu kanggo wawancara (amrih becike iku manut kabiasane narasumber)
Sabanjure wektu wawancara kudu anggatekake babagan kaya ing ngisor iki :
a.     Miwiti wawancara kanthi salam
b.    Nganggo basa kang sopan miturut unggah-ungguhing basa
c.     Pandelengane tumuju marang narasumber
d.    Aja menehi pitakon-pitakon kang wangsulane “iya” utawa “ora”
e.     Pungkasi wawancara kanthi agunging matur nuwun amarga narasumber wis menehi informasine.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar