Rabu, 11 Desember 2013

Tembung



Tembung
Tembung yaiku kumpulane wanda kang duwe teges. Warnane tembung ana loro, yaiku tembung lingga lan tembung andhahan.
*    Tembung lingga yaiku tembung kang durung kawuwuhan, karangkep, utawa kacambor saengga durung owah saka asale.
Tuladha : sapu, gawa, tulis, pangan, lan sapiturute.
*    Tembung andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale amarga wis antuk wuwuhan kang awujud ater-ater, seselan, panambang, lan amarga dicambor, sarta dirangkep.
Tuladha : nulis, mangan, bukuku, lan sapiturute.
Ø  Ater-ater
Ater-ater yaiku wanda kang manggon ing sangarepe tembung lingga. Ana telung warna ater-ater ing antarane ater-ater hanuswara, tri purusa, lan liyane.
ü  Ater-ater hanuswara : am-, an-, ang-, any-
Tuladha :
Sapu          : any- + sapu       : nyapu
Tulis          : an- + tulis         : nulis
ü Ater-ater tri purusa : dak-, ko-, di-
Tuladha :
Silih           : dak- + silih       : daksilih
Jupuk         : ko- + jupuk      : kojupuk
Goreng       : di- + goreng     : digoreng
ü  Ater-ater liyane : tar-, pra-, para-, ka-, sa-, si-, kami-, kapi-, pa-, lan sapiturute.
Tuladha :
Lumpat      : ma- + lumpat    : malumpat
Buka          : tar- + buka        : tarbuka
Lilah          : pa- + lilah         : palilah
Ø Seselan
Seselan yaiku wanda kang manggon ing satengahe tembung lingga. Warnane seselan ana papat, yaiku –um, -in, -el-, lan –er-.
Tuladha :
Guyu          : -um- + guyu     : gumuyu
Siwer         : -el- + siwer       : seliwer
Ø Panambang
Panambang yaiku wanda kang manggon ing samburine tembung lingga. Warnane panambang, yaiku –en, -a, -ana, -ni, -ake, -ke, -aken, lan sapiturute.
Tuladha :
Jiwit           : di- + jiwit + -ake        : dijiwitake
Sawang      : any- + sawang + -a    : nyawanga
 Ø Dirangkep
Tembung andhahan amarga dirangkep utawa direduplikasi ing Basa Jawa ana telu, yaiku dwipurwa, dwilingga, lan dwisasana.
ü Dwipurwa yaiku tembung-tembung kang dumadi saka pangrangkepe purwane tembung lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembung.
Tuladha :
Bungah – bubungah – bebungah
ü Dwilingga yaiku tembung lingga kang dirangkep. Pangrangkepe lingga iki ana kang karangkep wutuh lan ana kang karangkep mawa owah-owahan swara. Tembung lingga kang karangkep wutuh sinebut dwilingga, dene kang karangkep kanthi owah-owahan swara sinebut dwilingga salin swara.
Tuladha :
Tembung dwilingga                       : gedhe-gedhe
Tembung dwilingga salin swara    : tokan-takon
ü Dwiwasana yaiku tembung kang ngrangkep wanda wekasan utawa ngrangkep wasanane tembung.
Tuladha :
cekak – cekakak
Ø Dicambor
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji lan tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar. Tembung camboran ana rong warna, yaiku camboran wutuh lan tugel.
Tuladha :
Tembung camboran wutuh   : edi peni, gagah prakosa
Tembung camboran tugel     : bangjo, dhegus, dubang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar