Nalika gunung-gunung neges
Dening : Budhi Setyawan
Gunung-gunung
kang padha pating jenggeleg
Aweh
pitakon marang wit-witan ana sawah lan tegalan
Wit
pari, tela, jagung, kacang padha ora bisa jawab
Amarga
padha ora ngerti apa makna pitakone gunung
Apa
sebabe gunung didhuwurake
Luwih
tinimbang panggonan liyane ing jagad
Kepara
nganti ngaras langit
Pitakonan
kang angel dijawab
Angin
wae ora ngerti
Apa
maneh sato kewan lan para manungsa
Sing
bisa mangerti amung barang kang
Kasimpen
ing dasar bumi, kang ora kasat mripat
Tansah
anteng lan ajeg
Ngangsu
banyu ngliwati wot rambut kang dibelah pitu
Mbokmanawa
gunung-gunung kuwi
Kanggo
ancik-ancik para satriya
Nggoleki
sukmane kang mabur
Digawa
para widadari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar