Semarak
Candrakirana Nggladhi Kawegigan Mbeksa
Jaman iki sangsaya
maju. Pangaruh globalisasi ya ora bisa kabendung maneh. Budaya Barat uga ajeg
nyempyok tanpa bisa dikira-kira. Mula, kita kudu duwe sangu kanggo nanggulangi
pangaruh budaya njaba iku, utawa kanggo sangu ngadhepi ngrembakane jaman. Salah
siji cara bisa kanthi mupuk seni budayane dhewe.
Ing kutha Solo akeh
banget seni budaya kang isih urip lan ngrembaka nganti saiki. Salah sijine
yaiku seni beksan. Tumrape bocah, seni beksan bisa kanggo nggladhi pranata
dhirine utawa teteging ati nalika ngadhepi kahanan apa bae. Kaya kang dilakoni
sanggar tari Semarak Candrakirana. Kawit madeg 30 Juli 1998 nganti saiki,
Semarak Candrakirana dadi papan gladhen beksan mligine kanggo bocah lan Kenya taruna.
Pangarsa Sanggar Tari
Semarak Candrakirana, Irawati Kusumorasri, mratelakake para bocah kang padha
ngangsu kawruh elmu lan seni beksan ing papan kono ora awates ngapalake obahing
awak lan wirama pangiring beksan. Nanging, kang luwih wigati maneh, bocah uga
diajak lan digandheng jroning sawijining karya, wiwit proses nyipta beksan
nganti tatanan gerak lan koreografi.
“Dadine bocah ora nemu
mateng, nanging uga melu ambyur jroning sawijining karya kang cinipta. Sing prelu
digatekake, maneka proses nyipta karya beksan nganti pentas ing sawijining
papan iku paweh pangaruh kang becik banget marang bocah. Maneka laku lan gerak
awak iku genah njalari awake dadi kuwat, luwes, lan manteb. Dene sacara
psikologis, bocah malih teteg, rasa pracaya dhirine tambah, dadi kendel tampil
ing ngarep utawa ing panggung,” ujare Irawati, nalika ditemoni ind Sanggar,
Rebo (6/4).
Kapethik
saka : Solopos, 7 April 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar