Wara-wara
iku pocapan utawa tulisan sing isi pepenget utawa aweh weruh arupa pangumuman
marang wong akeh. Wara-wara biasane dikarepake kanggo menehi weruh bab kahanan
kang wigati, nanging uga bisa kanggo iklan utawa golek tenaga kanggo nyambut
gawe.
Perangane wara-wara :
a.
Judul/irah-irahan
b.
Adangiyah/salam taklim
c.
Bebuka/pambuka
d.
Surasa basa/isi
e.
Wasana basa/panutup
f.
Panggenan lan titi mangsa
g.
Peprenah/jabatan
h.
Tapak asma
i.
Asma terang
Tuladha wara-wara
WARA-WARA
Siswa kelas X,XI,
kaliyan XII ingkang sanget kula tresnani,
Sesambetan
kaliyan pengetan dinten Pendhidhikan Nasional, pramila para siswa kelas X,XI,
lan XII supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan
tuwin kaendahaning kelas.
Awit saking punika,
benjing
Dinten : Setu Legi,
Surya : 28 Mei 2012
Para siswa supados
mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.
Mekaten, wara-wara
punika. Sageda dipunlampahaken kanthi saestu.
Surakarta, 22 Mei 2012
Waka Humas,
Ttd
Elsa Munawir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar