Crita cekak
Crita cekak yaiku crita gancaran kang
ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane utawa sawijining
karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa
kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane
ngrampungake masalahe. Ciri-cirine crita cekak yaiku critane ringkes,
gegayutane karo lelakone manungsa, lan alur critane dumadi saka wiwitan,
dredah, nganti ngrampungake prakara.
Unsur-unsur pambangun ing crita cekak
antarane ing ngisor iki.
1. Tema
: gagasan penting
sajroning crita
2. Alur/plot : lelakone para paraga wiwit lekas
nganti pungkas.
3. Penokohan : nerangake watak wantune (
karakter ) para paraga.
4. Latar/setting : ngrembug papan, wektu, lan swasana
jroning crita.
5. Sudhut
pandang : carane panganggit nyritake
critane.
6. Amanat
: piwelinge penganggit
marang kang maca crita iku.
Sawise
mangerteni pangerten lan unsur-unsur kang mbangun crita cekak, kowe bisa
ngapresiasi crita cekak kasebut. Apresiasi crita cekak yaiku kegiatan ngamati
lan menehi pambiji marang wose crita cekak. Wos kang diapresiasi sajroning
crita cekak biasane ngandhut nilai-nilai lan werdi. Nilai-nilai ing sajroning
crita cekak kasebut ing ngisor iki.
1. Nilai
moral, yaiku wulangan ngenani becik, alane panindak, sikap, kuwajiban, akhlak,
budi pakarti, lan kasusilan kang ditampa bebrayan.
2. Nilai
keagamaan, yaiku wulangan ngenani panghargaan dhuwur kang diwenehake dening
warga masyarakat marang saperangan prakar pokok ing bebrayan keagamaan kang
suci saengga bisa didadekake pepanthan kanggo tindak-tanduk kang ana gegayutane
karo bebrayan kasebut.
3. Nilai sosial, yaiku wulangan perangan-perangan
kang ana gegayutane karo bebrayan agung.
4. Nilai budaya, yaiku wulangan ngenani
adhat-istiadhat kang katindakake ing sawijining dhaerah utawa negara kang ana
gegayutane karo cara urip, cara mikir, lan cara kerja.
Nilai-nilanya apa?
BalasHapus