Maca
wacan kang rumpang
Sawijining
teks iku nduweni panunggalan teges utawa arti. Mula, teges utawa maksud utawa
arti bagean ngarep sawijining teks nduweni sesambungan utawa koherensi karo
maksud bagean teks sabanjure. Mula iku, yen salah siji ukara durung rampung,
wong kang maca bisa menehi tambahan supaya ukara kasebut ganep utawa bisa
ngira-ira ukara bacutane.
Kanggo
ngira-ira bacutane, pamaca kudu nggatekake penandha-penandha kohesi kang gunane
nyambungake ukara karo ukara, antarane :
1. Tembung-tembung
kang nuduhake (references), kaya iku, iki;
2. Tembung-tembung
kang dadi pengganti (substitution), kaya kowe, aku, dheweke, lan sapiturute;
3. Tembung
kang dibaleni (repetition);
4. Tembung
kang diilangi (ellipsis);
5. Tembung
kang kanggo nyambung (conjunction), kaya nanging, amarga, mula iku, lan
sapiturute.
Konjungsi utawa penandha kanggo nyambungake ukarane
antarane :
a. Konjungsi
pratandha, kayata sarta, ingkang kapisan, salajengipun;
b. Konjungsi
wektu, kayata saderengipun, rikala, samangke;
c. Konjungsi
klimaks, kayata saestu, satuhu, langkung-langkung;
d. Konjungsi
kang sipate nandhingake, kayata kados, bebasan;
e. Konjungsi
pratandha kosok balen, kayata senadyan, ananging, ewasemanten;
f. Konjungsi
pratandha gambaran utawa ilustrasi, kayata upaya, tuladha;
g. Konjungsi
pratandha sebab akibat, kayata pramila, awit saking punika;
h. Konjungsi
syarat, kayata menawi, bilih;
i. Konjungsi
pratandha alat, kayata karo, mawi, kaliyan, nganggo; lan
j. Konjungsi
pratandha kasimpulan, kayata wosipun, ringkesanipun.