Wawan
Rembug
Wawan rembug yaiku sawijining kegiyatan ngrembug
utawa ndhiskusekake sawijining prakara supaya antuk mufakat lan kaputusan.
Kegiyatan wawan rembug biasane ditindakake dening paling sithik wong loro.
Nyemak wawan rembug klebu nyemak intensif, yaiku nyemak konsentratif.
Nyemak konsentratif yaiku kegiyatan nyemak kang
dilakoni kanthi premati, kanggo entuk pemahaman kang apik tumrap informasi kang
dirungokake. Ancase nyemak konsentratif antarane :
1. Manut
pituduh-pituduh, upamane pituduh ngisi formulir pendhaftaran.
2. Nggoleki
sesambungane antarunsur sajroning nyemak.
3. Nggoleki
sesambungane kuantitas lan kualitas sajroning komponen.
4. Nggoleki
informasi kang penting.
5. Nggoleki
urutan penyajian bahan semakan.
6. Nggoleki
gagasan utama.
Kegiyatan wawan rembug biasane
ngrembug topik. Topik yaiku pokok pirembugan ing sajroning wawan rembug. Topik
kang dirembug ana sajroning wawan rembug iku beda-beda. Wawan rembug dadi
gayeng menawa topike isih aktual.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar