UMBUL JALATUNDHA
Umbul jalatundha
Banyumu kang bening kindong-kindong
Nambahi rasa seger wong kang padha
ceciblon
Mbuyarake sirah kang rinasa cekot-cekot
Umbul jalatundha
Banyumu kang obah serta
kimplah-kimplah
Migunani marang sawijining gotrah
Kang sesuci sumedya jiarah
Umbul jalatundha
Jebol ing jeromu ana
Sompil papak kanggo tamba
Tinemu watu tapak bima
Tidak ada komentar:
Posting Komentar