MALEM GANJIL
Dening: joko HN
Kabeh padha menekung ing punjure
urip
Embuh apa sing diucapke sajroning
ati
Malem ganjil, sing dadi seksining
alam
Aja selak apa kandane suara-suara
Pilih sugih apa mlarat, pilih luwe
apa wareg,
Pilih sara apa mulya,pilih ayu apa
elek
Pilih pangkat apa drajat,pilih mati
apa urip
Pilih donya apa akerat
Kabeh suara-suara keprungu ing
langit
Ora ana kang bisa nutup-nutupi
Ora ana kang nalang-alangi
Ora ana kang gandoli
Ngucapa,ngucapa,ngucapa
Jujura,jujura,jujura
Elinga,elinga,elinga
Sapa sira sejatine
Tidak ada komentar:
Posting Komentar