SUKMA LELANA GUGAT
Angin kang mabur kekiteran ing
dhuwur samodra
Sesat tanpa leren ngobahake banyu
Iwak gedhe iwak cilik padha gumregah
Jumedhul sakdhuwure ombak
Ilang suwara mlebu ing akasa
Prau-prau lelangen nguyak playune
angen-angen
Kanthi jala lan jarring saka sutra
Obor tathit lan lintang
Sambung sinambung ing wewangunan
jagad
Tapake iseh katon cetha ing garis
tangan
Prasetya lan prasapa ngumbara
Dadi omah urang lan kewan segara
liyane
Lumaku manut ilining pasir
Molah malih njupuk warna cahyaning
jaman
Wit-witan gedhe ngadeg pating
jenggeleg tanpa oyot
Angin lagi thawaf
Ngubengi kedhaton napas
Tidak ada komentar:
Posting Komentar