Serat Wulangreh
PUPUH
I
DHANDHANGGULA
01
Pamedare
wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga, dhahat mudha ing batine, nanging
kedah ginunggung, datan wruh yen keh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang
kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih
padhanging sasmita.
Uraian
nasihat ini bermula dari kelancangan hati berniat meniru para pujangga, padahal
(aku) sangatlah bodoh. Tetapi karena ingin disanjung, tidak tahu jika kelak
banyak yang mencibir. Memaksakan diri untuk menciptakan, (meski) dengan bahasa
yang kacau balau bahkan tersia-sia, namun (hal ini) kususun dengan teliti dan
sabar, semoga isyarat ini menjadi jelas.
02
Sasmitaning
ngaurip puniki, apan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang
ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
Isyarat
dalam kehidupan ini, tidak mungkin kau pahami jika kau tak mengetahuinya, tidak
akan memiliki ketenangan dalam hidupnya. Banyak yang mengaku dirinya sudah
memahami isyarat (dalam hidup), padahal belum mengolah rasa, inti dari rasa
yang sesunguhnya. Oleh karena itu, berusahalah (memahami makna rasa itu), agar
sempurna hidupmu.
03
Jroning
Kur’an nggonira sayekti, nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, temah
sasar-susur, yen sira ayun waskita, sampurnane ing badanira, punika sira
anggegurua.
Di
dalam Al-Quran tempatmu mencari kebenaran sejati, hanya yang terpilih yang akan
memahaminya ,kecuali atas petunjuk-Nya. Tiadk boleh dicampur-adukan, tak
mungkin kau temukan (kebenaran isyarat), bahakan kau semakin tersesat. Jika kau
menghendaki kesempurnaan dalam dirimu, maka bergurulah.
04
Nanging
yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur oleh wong
tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira
guronana kaki, sartane kawruhana.
Meskipun
begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah guru yang sebenarnya, tinggi
martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah. Syukur-syukurjika kau temukan
seorang pertapa yang tekun dan tidak mengharapkan imbalan orang lain, dia
pantas kau gurui. Serta ketahuilah
05
Lamun
ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age,
anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang,
prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, myang kiyase papat iku salah siji,
anaa kang mupakat.
Jika
seseorang berbicara tentang ilmu, tetapi tidak sesuai dengan empat hal,
janganlah engkau terlalu cepat menganggap benar adanya. Saringlah agar bening
dan ukurlah dengan empat hal, yaitu dalil, hadis, ijmak, dan kiyas. Salah satu
dari keempat hal itu harus ada yang sesuai.
06
Nora
kena lamun den antepi, yen ucula sing patang prakara, nora enak legetane, tan
wurung ningal wektu, panganggepe wus angengkoki, nora kudu sembahyang, wus
salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo den singgahi,
bubrah sakehing tata.
Tidak
boleh kau terima (isyarat) jika lepas dari empat hal tadi, karena biasanya
tidak baik. (kau akan) merasa sudah menjalankan ‘laku’ sehingga yidak harus
sembahyang, akhirnya meninggalkan syariat, tidak perlu tahu mana yang haram dan
batal. Hal itu akan merusak aturan.
07
Angel
temen ing jaman mangkin, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong njaja
ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing
panggawene sarak, den arani luput, nanging iya sasenengan, nora kena den uwor
kareping janmi, papancene priyangga.
Memang
sulit mencari seseorang yang patut kau gurui di zaman ini. Banyak yang
menjajakan ilmu tetapi jarang yang mengikutinya. Jika seseorang berilmu dan
menjalankan lakunya dengan benar, malah dianggap salah. Namun itu hak
masing-masing, tidak boleh kau samakan keinginan orang, masing-masing memiliki
perbedaan.
08
Ingkang
lumrah ing mangsa puniki, apan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik tingale,
kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang padha ngupaya, kudu
anggeguru, samengko iki tan nora, Kyai Guru naruthuk ngupaya murid, dadiya
kanthinira.
Yang
biasa terjadi pada masa kini adalah guru yang mencari murid, itu tampak sangat
ironis dengan kebiasaan yang terjadi di masa lalu. Zaman dulu murid yang
berusaha mencari dan harus berguru, sekarang tidak begitu, malah guru yang ke
sana ke mari mencari murid. Jadikan sebagai pengangan (kanthinira merupakan
isyarat pola tembang berikutnya, yaitu Kinanthi).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar