I.
Kapilihana wangsulan ingkang trep a, b, c, utawi d saking pitakenan ing
ngandhap punika kanthi paring tandha (X)!
Kawaosana
tuladha sesorah ing ngandhap punika kanthi premati!
Assalamu’alaikum wr.wb ....… (i) Nuwun,
Bapak Kepala Sekolah SMA N 10 Yogyakarta ingkang satuhu
kinurmatan, bapak ibu guru saha karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca
ingkang tansah bagya mulya. …....(ii)
Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung,
katilik ing wekdal punika kita sedaya saged manunggal pepanggihan ing papan
mriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala. …… (iii)
Keparenga kula ingkang piniji minangka wakil saking para
siswa, ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kula
sakanca dhumateng bapak ibu guru. Mugi Gusti nampi pangapunten kula lumantar
panjenengan sedaya. Mugi Gusti ugi nampi amal ibadah kita, tansah ngluberaken
karahayon, kabagyan, katentreman lan keslametan dhateng kita sedaya. Amin. .…. (iv)
Mugi-mugi acara menika dados sarana nglebur dosa antawisipun
sesami, ingkang rumaos lepat boten kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit
kalepatan, dosa, lan khilaf punika sandhanganing tiyang gesang, sumangga kita
sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya mulya. ….. (v)
Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha
solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu guru,
karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging pangaksama. …… (vi)
Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb
1.
Sesorah inggih punika medhar gagasan utawi ide sarana…
a.kalisanaken c.
karekam ing kaset
b.kaserat ing kertas d.
kadhapuk ing wujud sekar
2.
Perangan pambuka wonten ing tuladha sesorah nginggil punika awujud…
a. atur syukur c. atur
pambagya
b. atur panuwun d.
salam
3.
Undheraning rembag ingkang kababar ing sesorah dipunsebut minangka…
a. salam c.
pambagya kawilujengan
b. wosing gati/ wicara d.
panuwun
4.
Katilik saking tuladha sesorah ing nginggil, perangan menapa ingkang dipunsebut
wosing gati utawi wicara?
a. perangan (ii) c.
perangan (iv)
b. perangan (ii d.
perangan (v)
5.
Tuladha sesorah ing nginggil punika ngrembag bab menapa?
a. wigatinipun syiam c.
wigatinipun halal bihalal
b. wigatinipun dinten riyaya d.
wigatinipun sesrawungan
6.
Sinten ingkang maragakaken sesorah ing tuladha sesorah nginggil punika?
a. wakil siswa c.
ketua kelas
b. kepala sekolah d.
ketua OSIS
7.
Perangan ingkang dipunsebut minangka pangarep-arep ing tuladha sesorah nginggil
punika kawakili parangan ingkang nomer pinten?
a. perangan (ii) lan (iii) c.
perangan (iv) lan (v)
b. perangan (iii) lan (iv) d.
perangan (v) lan (vi)
8.
Atur pakurmatan ing tuladha sesorah nginggil punika dipunserat sasampunipun
perangan…
a. salam c.
atur pandonga
b. atur syukur d.
panuwun
9.
“Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal
punika kita sedaya saged manunggal pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu
wilujeng nir ing sambikala,” dipunsebut minangka…
a. salam c.
atur pambagyaharja
b. atur syukur d.
wosing wicara
10.
“Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa
ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu guru, karyawan sarta
para kanca, kula nyuwun agunging pangaksama”, dipunsebut minangka…
a. atur pakurmatan c.
wosing wicara
b. atur syukur d.
panutup
Kangge
mangsuli pitakenan nomer 11-15, kawaosana teks tembang macapat Pocung ing
ngandhap punika kanthi premati!
Pocung
Slendro Pathet Manyura
Yen lumaku kudu eling lan mituhu
Dalan sisih kiwa
Waspada lan ngati ati
Temah slamet ora nemu kacilakan
11.
Tembang Pocung kalebet minangka tembang…
a. tembang Jawi c.
tembang Tengahan
b. tembang Macapat d.
tembang Gedhe
12.
Paugeran ing tembang macapat punika saged awujud…
a. guru sastra c.
guru basa
b. guru swara d.
guru gatra
13.
Dhawahipun swanten wonten ing pungkasaning larik tembang macapat punika dipunsebut…
a. guru wilangan c.
guru gatra
b. guru lagu d.
guru swara
14.
Tembang Pocung punika kadhapuk saking pinten gatra?
a. sanga \ c. sewelas
b. sedasa d.
rolas
15.
Guru wilangan sarta guru lagu saking tembang Pocung inggih punika…
a. 12u, 6a, 8i, 12a c.
6a, 8i, 12a, 12u
b. 12a, 8i, 6a, 12u d. 12a, 12u, 6a, 8i
II.
Cobi kapasangaken titik-titik ing sisih kiwa kaliyan tetembungan ingkang trep
ing sisih tengen!
Perangan
Kiwa Perangan
Tengen
- Sesorah (…) a. basa ingkang kaginakaken ing sesorah
- Mantep mrebawani (…) b. tuladha paraga ingkang atur sesorah
- Basa Jawi karma (…) c. medhar gagasan sarana kalisanaken
- Atur salam lan yukur (…) d. satunggaling perangan salebetipun sesorah
- Ketua OSIS,
Kepala Sekolah (…) e. sikepipun tiyang sesorah
- Tembang macapat (…) f. cacahipun wanda saben larik
- Guru lagu (…) g. cacahipun larik saben gatra
- Guru gatra (…) h. pugeran tartamtu ing salebetipun tembang macapat
- Guru wilangan (…) i. dhawahing swanten ing pungkasaning larik
Metrum
Tidak ada komentar:
Posting Komentar