KEMBANG-KEMBANG ADENIUM
Dining: Joko HN
Saben esuk, disawang
Yen awan cahyane srengenge ora
kurang
Wyah sore, dielus-elus kembange
Abo endahe ya uripe
Wengi, cahyane lintang sumilat
Kembang-kembang adenium tambah eseme
Rasane kaya ngawe-awe,aja turu disik
Ayo ngeling-eling lelakon bebarengan
Nanging raga wis ora kuat
Sedina muput mung bingung golek upa
Lali sapa sing nandur kembang
Lali sapa sejatine awake dewe
Nalikane terompet maut keprungu
Kembang-kembang adenium dadi layu
Luh tumetes saka mripat kang nyawang
Lan, ora ana sing bakal ngancani
meneh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar