I.
Pilihen
salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan
kang kokanggep bener!
1. Pawarta kang ditujokake kanggo
umum, kang surasane menehi pangreten tumrap sawijining prastawa diarani ….
a.
Layang
d. selebaran
b.
wara-wara
e. sedhahan
c.
majalah
2. Wara-wara kang surasane bela
sungkawa diarani ….
a.
Brosur
d. iklan
b.
Majalah
e. sayembara
c.
Lelayu
3. Wara-wara kang surasane nawakake
sawijining barang utawa papan diarani ….
a.
Brosur d.
iklan
b.
Majalah
e. sayembara
c.
Lelayu
4. Wara-wara kang surasane
andon kewasisan, cangkriman utawa pitakonan diarani …
a.
Brosur d.
iklan
b.
Majalah
e. sayembara
c.
Lelayu
5. Perangan
kang kudu ana ing sajroning panulise wara-wara kajaba …
a.
titi mangsa
d. purwaka basa
b.
peprenahan
e. satata basa
c.
surasa basa
Diajari korupsi
Sawijining dina, Glendhoh mertamu ing omahe Klithuk, kanca
lawas jaman isih sekolah SMA mbiyen. Pawakane Klithuk isih ajeg kuru kaya ndek
jaman mbiyen. Glendhoh dhewe saiki lemu ginuk-ginuk, tandane wus nemoni sukses
ing gaweane.
Glendhoh : Piye kabarmu Thuk?
Klithuk : Ya isih ngena-ngene wae Ndhoh. Kaya sing mbok
sawang iki.
Glendhoh : Lha piye ta? Mbok leh mu nyambut gawe sing
tenanan, ben isoh entuk dhuwit akeh.
Klithuk : Jan-jano nyambut gaweku ya wus tenanan. Nanging
tetep wae, uripku ajeg ngene. Ora tau cukup. Bojoku ya sambate ngayawara saben
dinane.
Glendhoh : Jaman saiki manawa nyambut gawe becik, kuwi ora
mungkin bisa nyukupi butuhe omah.
Klithuk : Piye karepmu? Aku durung mudheng.
Glendhoh : Ngene. Tak kandani ya? Contone aku wae. Gaweanku
iki gawean cilik-cilikan ing kantor. Nanging piye carane supaya aku bisa entuk
dhuwit saliyane blanjanku saben sasi. Mula kuwi, uripku sakulawarga sarwa
kecukupan.
Klithuk : Lha piye carane? Mbok aku diajari supaya uripku ya
mundhak apik tinimbang saiki. Aku njagakake blanjan sasen saka bos-ku ya ora
sepiraa.
Glendhoh : Carane gampang banget. Korupsi. Njajala korupsi,
sithik sithik wae. Sing cilikan wae supaya ora konangan.
Klithuk : Korupsi?? Tenanan kuwi?
Glendhoh : Lha iya! Kaya sing ing tipi-tipi kae lho.
Wong-wong dhuwuran padha korupsi tur gedhen kabeh. Nek aku, cilikan wae sing
penting bisa kanggo nutup butuhe omah. Ayo, kowe mesthi ya bisa. Elingana
anak-bojomu sing saben dina mangane kurang-kurang.
Klithuk : Mengko dhisik Ndhoh. Sajane aku ya mathuk karo
usulmu kuwi. Nanging kayane aku iki ora bakal bisa korupsi ing gaweanku.
Glendhoh : Lha ngapa? Pengawasane ketat po?
Klithuk : Ora babagan kuwi. Aku iki kerjane melu wong, jasa
sedot tinja. Lha sing ameh tak korupsi kuwi apa?? Saben dina mubeng
nguplek-uplek tinja.
Glendhoh : ??????!!!!!
6. Paraga
kang saiki wis dadi lemu ginuk-ginuk ing crita Diajari korupsi yaiku …
a.
Klithuk
d. Bawana
b.
Eri
e. Hayu
c.
Glendhoh
7. Wos
surasane crita Diajari korupsi iku yaiku …
a.
Klithuk uripe rekasa
d. Klithuk uripe kepenak
b.
Glendhoh ngajari korupsi
e. Klithuk ngajari korupsi
c.
Glendhoh uripe rekasa
8. Apa
sesambungan antarane Klithuk lan Glendhoh ing critab Diajari korupsi
iku? …
a.
sedulur
d. kanca lawas SMA
b.
wong tuwane isih sedulur
e. tangga desa
c.
kanca kantor
9.
Crita kang surasane fakta kang surasane riwayat hidupe uwong kang ditulis dhewe
sinebut …
a.
Otobiografi
d. Crita Sambung
b.
Cerkak
e. Crita Gambar
c. Novel
10.
Crita bisa awujud fakta uga bisa awujud fiksi utawa mung gawe-gawe. Crita kang
surasane wujude crita kang critane sinambung sinebut …
a.
Otobiografi
d. Crita Sambung
b.
Cerkak
e. Crita Gambar
c. Novel
Etimologi lan legendha asal
Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk
saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka".
Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake
kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkene: 

ha
na ca ra ka
da
ta sa wa la
pa
dha ja ya nya
ma
ga ba tha nga
Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara: "Hana
caraka" tegese "Ana utusan"
"Data sawala" tegese "Padha garejegan"
"Padha jayanya" tegese "Padha digjayane"
"Maga bathanga" tegese "Padha dadi
bathang".
Urutan ukara iki digawe miturut
legendha yen aksara Jawa iku diasta dening Aji Saka saka Tanah Hindhustan
menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene
kanggo mengeti rong panakawane sing setya nganti pati: Dora lan Sembada.
Kalorone mati amerga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula
Aji Saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Caritane
kaya mengkene:
Kacarita ing jaman mbiyen ana wong
saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke putrane ratu, nanging
kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa.
Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji
Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat sing jenenge Duga,
Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha leren. Aji Saka
banjur nilar abdine loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.
Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga
arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora oleh lunga
saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi
ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak karo abdine
loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan.
Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk
Prabu Dewata Cengkar. Sang prabu iku senengane dhahar daginge wong. Kawulane
akeh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihe ngaran Kyai
Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang
Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswane. Para siswane padha
tresna marang Aji Saka amerga dheweke seneng tetulung. Nalika semana Aji Saka
mondhok neng omahe nyai randha Sengkeran dipek anak karo nyai randha.
Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswane Aji Saka.
Anuju sawijining dina sang prabu
Dewata Cengkar duka banget ora wong maneh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur
saguh dicaosake sang nata dadi dhaharane. Sang nyai randha lan patih dadi kaget
banget. Nanging Aji Saka celathu yen wong loro iku ora usah kuwatir yen dheweke
ora bakal mati.
Banjur Aji Saka diaterake ngadhep
prabu Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar ya rumangsa eman lan kersa ngangkat
Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwune, yaiku
nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu sang prabu dhewe. Sang prabu
Dewata Cengkar iya banjur nglilani.
Nuli wiwit ngukur lemah diasta
dhewe. Ikete Aji Saka dijereng. Ikete tansah mulur bae, dadi amba serta
dawa. Iya dituti wae dening sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng
wis meped ing pinggir segara, ikete dikebutake. Dewata Cengkar katut mlesat
kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha
bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna.
Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk Prabu Jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga. Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada.
Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk Prabu Jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga. Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada.
Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju
miyos siniwaka. Diadhep kyai patih sarta para bupati. Sang prabu kengetan
abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi.
Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing
kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa
gustine wis jumeneng ratu ana ring Mendhang Kamolan. Si Dora ngajak sowan
nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewalere gustine, ora pareng
lunga-lunga seka pulo Majethi, yen ora tinimbalan.
Nanging si Dora nekad arep sowan
dhewe. Si Sambada ditilapake. Banjur mangkat ijen wae. Ana ing dalan si Dora
kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali
dening si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem.
Wong telu banjur sowan ing ngarsane
sang prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yen
dheweke ora gelem diajak. Mireng ature si Dora, sang prabu duka banget, lali
dhawuhe dhewe mbiyen. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan
nimbali si Sambada. Yen meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerise
dibalekake.
Dora sanalika mangkat. Ing pulo
Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yen mentas sowan gustine. Saiki diutus
nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora
ngandel marang kandhane si Dora. Banjur padha padu rame. Suwe-suwe padha
kekerengan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayane. Wasana banjur
padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perange sampyuh. Si Dora
lan si Sambada padha mati kabeh.
Sang Prabu ngarep-arep tekane si
Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi enggal bali.
Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora
menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka
ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan si Sambada ketemu wis padha mati
kabeh. Tilase mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris
sing dadi rereksan gumlethak ana ing sandhinge. Pusaka banjur dijupuk arep
diaturake marang gustine. Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsane
gustine lan mratelake kahanane. Sang Prabu Widayaka kaget banget mireng
pawarane, awit pancen kaluputane dhewe wis kesupen pandhawuhe. Banjur sang
prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mengeti abdine loro iku.
11.
Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing
unine "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe
ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Kang duwe teges padha
digdayane yaiku …
a.
ha na ca ra ka
d. ma ga ba tha nga
b.
da ta sa wa la
e.
nga tha ba ga ma
c.
pa dha ja ya nya
12.
Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka.
Dheweke putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane
mulang kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh
ing Tanah Jawa.Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah
Jawa, karo abdine papat sing jenenge kaya ing ngisor iki, kajaba ….
a.
Duga
d. Sambada
b.
Prayoga
e. Digdaya
c.
Dora
13.
Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora
lan Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau
dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang
sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa.
Njujug ing Negara …..
a. Tanah Majethi
b. Mendhang Kamolan
c. Pulo Jawa
d. Tengger
e. Ngastina
14.
Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka
ngganteni jumeneng ratu ajejuluk … .
a. Prabu Jaka
d. Prabu Tengger
b. Prabu Dewata
Cengkar
e. Prabu Aji Saka
c. Prabu Kresna
15.
Abdine Aji Saka kang didhawuhi bali menyang pulo Majethi yaiku … .
a.
Duga
d. Sambada
b.
Prayoga
e. Digdaya
c.
Dora
16.
Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni
pathokan utawa paugeran ajeg
yaiku …
a.
Parikan
d. geguritan
b.
Wangsalan
e. candra sangkala
c.
Cangkriman
17.
Unen-unen utawa tetembungan sing saemper
cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake yaiku …
a.
Parikan
d. geguritan
b.
Wangsalan
e. candra sangkala
c.
Cangkriman
18.
Jenang gula, kowe aja
…
a.
Lali
b.
kadingaren
c.
judheg
d.
cengklungen
e.
kemba
19.
Gayung sumur, aja … aja mundur.
a.
Lali
b.
kadingaren
c.
judheg
d.
cengklungen
e.
kemba
20.
Jangan gori, nganti …..
anggonku ngrasakake.
a.
Lali
b.
kadingaren
c.
judheg
d.
cengklungen
e.
kemba
SUMIMPEN ING POJOK ATI
Dening : Tatiek Kalingga
Kanthi ati kang krasa rinujit,
Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga panandhang kang kudu dilampahi.
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani,
Nanging aku yakin isih ana sunar suci,
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen
Ing
pojok ati
Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti.
Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip
iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti
21.
Kang dikarepake
Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku …
a. Ati kang bungah
d. Ati kang kelara-lara
b. Rasa kang
mantep
e. Ati kang kelegan
c.
Ati kang serakah
22.
Wos surasane paragraf kapisan yaiku …
a. Gegambaran ati
kang kelara-lara
d. Ngerteni kahanan kang endah
b. Tumindak kang
nalisir
e. Donga marang Gusti
c.
Ora bisa kecukupan
23.
Wos surasane
paragraf kapindho yaiku …
a. Gegambaran ati
kang kelara-lara
d. Ngerteni kahanan kang endah
b. Tumindak kang
nalisir
e. Donga marang Gusti
c.
Ora bisa kecukupan
24.
Tegese tembung ratri
ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki
yaiku …
a.
esuk
d. surup
b.
awan
e. bengi
a.
sore
25.
Saora-orane ana
patang kegiyatan kang kudu ditindakake sadurunge pawongan iku arep maca
geguritan. Kegiyatan kang kudu ditindakake yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba …
a.
analisis situasi
d. gegladhen
b. milih geguritan
e. manut kang nglatih
a.
ngonceki (ndhudhah) geguritan
26.
Aku sakluwarga nalika lelungan menyang Yogja bingung, amarga papan dunung
alamat sing bakal diparani durung ngerti, mula ing ndalan aku takon marang wong
kang ngreti papan iku. Basa kang prayoga dienggo nalika takon alamat menyang
wong liya yaiku…
a.
Krama
d. Ngoko lugu
b.
Krama
alus
e. Ngoko alus
c.
Krama andhap
27.
Mas, sampeyan benjing diutus bapak dhateng Solo. Basa kang digunakake yaiku…
a.
Krama
d. Ngoko lugu
b.
Krama
Alus
e. Ngoko Alus
c.
Krama Andhap
28.
Wektu nggone Pakdhe kagungan kersa, sampeyan apa ora ngerti? Basa kang
digunakake yaiku…
a.
Krama
d. Ngoko lugu
b.
Krama
alus
e. Ngoko alus
c.
Krama andhap
29.
Le, aku sesuk terna menyang Puskesmas, amarga sesuk wayahe kontrol. Basa
kang digunakake yaiku…
a.
Krama
d. Ngoko lugu
b.
Krama Alus
e. Ngoko Alus
c.
Krama Andhap
30.
Aku duwe niyat, yen ing kelas sepuluh iki kudu bisa antuk prestasi kang
nyenengake bapak lan ibu. Pratelan iku nggunakake basa …
a.
Krama
d. Ngoko lugu
b.
Krama Alus
e. Ngoko Alus
c.
Krama Andhap
Tidak ada komentar:
Posting Komentar