Sabtu, 30 November 2013

Nulis Wangsalan

Wangsalan
Wangsalan iku unen-unen utawa ukara sairip cangkriman kang mbutuhake tebusan. Tebusane kasebutake ing perangan buri lan kasrempetake sawanda utawa luwih saka batangane. Adhedhasar saka tegese ing dhuwur, wangsalan bisa kaprinci dadi telung perangan :
1. cangkriman utawa bedhekane. Iki kang sejatine diarani wangsalan
2. batangan
3. tebusan kang mujudake isi utawa wos kang bakal kawedharake
Tuladha :
1. Jenang gula, aja lali
2. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso
Katrangan :
Tuladha 1 
a. cangkriman utawa wangsalane : jenang gula
b. batangane : glali
c. tebusane : aja lali, kanthi disrempetake wanda li ing tembung glali. Dadi tembung glali ditebus nganggo tembung lali.
Tuladha 2
a. wangsalane roning mlinjo
b. batangane eso
c. tebusane tembung ngaso, kanthi disrempetake wanda so. Tebusan ukarane yaiku sampun sayah nyuwun ngaso.
Jinising tebusan
Jinising tebusan kaperang ana loro : tebusan tembung lan tebusan ukara. Tebusan tembung iku tembung kang langsung kasrempetake saka batangane. Tebusan ukara iku ukara kang tebusane tembung mau.
a. tebusan tembung : lali (1), ngaso (2)
b. tebusan ukara : aja lali... (mesthine ana terusane) (1)  sampun sayah nyuwun ngaso (2) 
Jinising wangsalan
Katitik saka batangane, wangsalan kaperang dadi loro. Yaiku wangsalan lamba lan wangsalan rangkep. Wangsalan lamba iku batangane lan cangkrimane dadi siji. Dene menawa luwih saka siji diarani wangsalan rangkep.  Wangsalan lamba tuladhane kaya kaandharaken ing dhuwur, yaiku angka 1) lan 2).
Tuladhane wangsalan rangkep : 
a. Jenang sela, wader kalen sesondheran : apurana yen wonten lepat kawula
b. Kulik priya, priyagung Anjani Putra : tuhu eman wong anom wegah kangelan

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar