Sabtu, 30 November 2013

Pakulinan

Pakulinan
Pakulinan tumindak becik iku nyenengake sapa wae. Kang ngulinakake marang kabecikan gawe tentrem uripe. Kayata, kulina maca buku dadi pinter. Kulina tangi esok ora telat sekolah. Semono uga kulina basa Jawa kang tumata bisa gawe seneng mitra tutur. Pakulinan nganggo basa Jawa kanthi tumata kuwi prayoga. Basa Jawa kuwi ana krama uga ana ngoko. Basa krama kudu kakulinakake sapa wae. Ana ing kaluwarga, pasrawungan, lan ana ing ngendi wae.
Basa krama iku dienggo wong enom marang wong tuwa, bocah marang wong kang durung tepung, wong enom marang bapak lan ibu, bocah utawa wong enom marang guru, pak lurah lan pejabat. Dene wong tuwa marang sing umure luwih enom cukup ngoko, apa iku ngoko lugu, apa dene ngoko alus. Pakulinan nggunakake basa Jawa krama iku becik. Amarga basa mau, wong padha kurmat-kinurmatan. Padha ajen kinajenan kang padha wicara, kanthi mangkono kalebu pakulinan apa wae kang tumuju marang kabecikan. Basa andhapuk pekerti kang becik. Ya ing kono iku pakulinan kudu diudi lan dipredi.

Gatekna wicara ing ngisor iki !
Bapak        : Ndhuk wis arep budhal sekolah ?
Tina           : Inggih Pak, kula nyuwun pamit lan kula nyuwun pangestu.
Bapak        : Ya, ngati-ati. Sinau sing temenan !
Tina           : Inggih, Pak.
Bapak        : Oh... ! ya Tin, mengko mampira menyang daleme budhemu, kanda menawa suk dina
                    Minggu ana patemon kaluwarga.
Tina           : Inggih Pak mugi-mugi saged (Tina salaman karo bapake terus mangkat)
(sak mulihe sekolah Tina mampir daleme budhene)
Tina           : Kula nuwun (saka jero omah keprungu swarane budhene)
Budhe        : Mangga, E... kowe Tin, karo sapa mau?
Tina           : Piyambakan budhe, wong saking sekolah lajeng mampir mriki.
Budhe        : Kene-kene lungguh kene
Tina           : Inggih budhe. Ngaten budhe, sowan kula mriki dipun utus Bapak, bilih benjang dinten
                    Minggu ngajeng wonten pepanggihan kaluwarga wonten dalemipun Bu lik Sri. Menika
                    namung angemutaken budhe.
Budhe       : Iya nduk, nuwun. Kowe gelem mampir ngelingake. Budhe malah wis meh lali. Untunge
                    mbok elingake.
Tina          : Sarehne sampun sak watawis kula lajeng pamit. Sampun siyang.
Budhe       : Iya nduk, sing ati-ati. Salam kanggo Bapak lan Ibumu.
Tina          : Pareng Budhe, sugeng siyang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar