Sabtu, 30 November 2013

Cerita wayang

      Wayang iku pagelaran kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakoni dening dhalang kanthi iringan gamelan. Para ahli durung ana kang bisa mesthekake kapan wayang iku ana ing Indonesia. Nanging yen ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurunge agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka India. Pagelaran iki dienggo sarana nyembah marang roh leluhur.

Miturut R.T Josowidagdo, wayang yaiku ayang-ayang utawa bayangan. Amarga dideleng saka bayangane sing ana ing kelir. Kelir iku awujud kain putih sing digelar ing pentas pagelaran wayang lan ayang-ayang iku metu amarga ana sinar belencong sing gumandhul ing dhuwur sirahe dalang.


Tuladha cerita wayang 

Sintha Kandhusta

Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari. Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama. Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.   Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.

Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu  bisa sempurna.  Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.

Ing lelampahan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama. Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya.

Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha. Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.

Pungkasane, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka. Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.







Pakulinan

Pakulinan
Pakulinan tumindak becik iku nyenengake sapa wae. Kang ngulinakake marang kabecikan gawe tentrem uripe. Kayata, kulina maca buku dadi pinter. Kulina tangi esok ora telat sekolah. Semono uga kulina basa Jawa kang tumata bisa gawe seneng mitra tutur. Pakulinan nganggo basa Jawa kanthi tumata kuwi prayoga. Basa Jawa kuwi ana krama uga ana ngoko. Basa krama kudu kakulinakake sapa wae. Ana ing kaluwarga, pasrawungan, lan ana ing ngendi wae.
Basa krama iku dienggo wong enom marang wong tuwa, bocah marang wong kang durung tepung, wong enom marang bapak lan ibu, bocah utawa wong enom marang guru, pak lurah lan pejabat. Dene wong tuwa marang sing umure luwih enom cukup ngoko, apa iku ngoko lugu, apa dene ngoko alus. Pakulinan nggunakake basa Jawa krama iku becik. Amarga basa mau, wong padha kurmat-kinurmatan. Padha ajen kinajenan kang padha wicara, kanthi mangkono kalebu pakulinan apa wae kang tumuju marang kabecikan. Basa andhapuk pekerti kang becik. Ya ing kono iku pakulinan kudu diudi lan dipredi.

Gatekna wicara ing ngisor iki !
Bapak        : Ndhuk wis arep budhal sekolah ?
Tina           : Inggih Pak, kula nyuwun pamit lan kula nyuwun pangestu.
Bapak        : Ya, ngati-ati. Sinau sing temenan !
Tina           : Inggih, Pak.
Bapak        : Oh... ! ya Tin, mengko mampira menyang daleme budhemu, kanda menawa suk dina
                    Minggu ana patemon kaluwarga.
Tina           : Inggih Pak mugi-mugi saged (Tina salaman karo bapake terus mangkat)
(sak mulihe sekolah Tina mampir daleme budhene)
Tina           : Kula nuwun (saka jero omah keprungu swarane budhene)
Budhe        : Mangga, E... kowe Tin, karo sapa mau?
Tina           : Piyambakan budhe, wong saking sekolah lajeng mampir mriki.
Budhe        : Kene-kene lungguh kene
Tina           : Inggih budhe. Ngaten budhe, sowan kula mriki dipun utus Bapak, bilih benjang dinten
                    Minggu ngajeng wonten pepanggihan kaluwarga wonten dalemipun Bu lik Sri. Menika
                    namung angemutaken budhe.
Budhe       : Iya nduk, nuwun. Kowe gelem mampir ngelingake. Budhe malah wis meh lali. Untunge
                    mbok elingake.
Tina          : Sarehne sampun sak watawis kula lajeng pamit. Sampun siyang.
Budhe       : Iya nduk, sing ati-ati. Salam kanggo Bapak lan Ibumu.
Tina          : Pareng Budhe, sugeng siyang.

Rembugan karo wong tuwa utawa wong kang luwih tuwa

BASA
Basa punika sarana saha wahananing panggraita inggih punika (cipta, rasa, karsa) saha sarana kangge lung tinampen (tumunduk, tumanggap) ugi saben basa gadhah cara. Basa Jawi punika pinten-pintun tataran, utawi undha usuk wiwit saking :
1. Ngoko
2. Krama
3. Krama madya
4. Krama inggil
5. Basa kawi
6. Sansekerta

Cak-cakanipun basa kedah mirsani panggenanipun (mapanipun)
Tuladhanipun : 
a. Lare kaliyan tiyang mudha
b. Tiyang mudha  kaliyan kadang wreda
c. Tiyang mudha kaliyan para sesepuh (pepundhen)
sedaya kala wau basa kalebet perangan etika lan estetika.


Nulis Wangsalan

Wangsalan
Wangsalan iku unen-unen utawa ukara sairip cangkriman kang mbutuhake tebusan. Tebusane kasebutake ing perangan buri lan kasrempetake sawanda utawa luwih saka batangane. Adhedhasar saka tegese ing dhuwur, wangsalan bisa kaprinci dadi telung perangan :
1. cangkriman utawa bedhekane. Iki kang sejatine diarani wangsalan
2. batangan
3. tebusan kang mujudake isi utawa wos kang bakal kawedharake
Tuladha :
1. Jenang gula, aja lali
2. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso
Katrangan :
Tuladha 1 
a. cangkriman utawa wangsalane : jenang gula
b. batangane : glali
c. tebusane : aja lali, kanthi disrempetake wanda li ing tembung glali. Dadi tembung glali ditebus nganggo tembung lali.
Tuladha 2
a. wangsalane roning mlinjo
b. batangane eso
c. tebusane tembung ngaso, kanthi disrempetake wanda so. Tebusan ukarane yaiku sampun sayah nyuwun ngaso.
Jinising tebusan
Jinising tebusan kaperang ana loro : tebusan tembung lan tebusan ukara. Tebusan tembung iku tembung kang langsung kasrempetake saka batangane. Tebusan ukara iku ukara kang tebusane tembung mau.
a. tebusan tembung : lali (1), ngaso (2)
b. tebusan ukara : aja lali... (mesthine ana terusane) (1)  sampun sayah nyuwun ngaso (2) 
Jinising wangsalan
Katitik saka batangane, wangsalan kaperang dadi loro. Yaiku wangsalan lamba lan wangsalan rangkep. Wangsalan lamba iku batangane lan cangkrimane dadi siji. Dene menawa luwih saka siji diarani wangsalan rangkep.  Wangsalan lamba tuladhane kaya kaandharaken ing dhuwur, yaiku angka 1) lan 2).
Tuladhane wangsalan rangkep : 
a. Jenang sela, wader kalen sesondheran : apurana yen wonten lepat kawula
b. Kulik priya, priyagung Anjani Putra : tuhu eman wong anom wegah kangelan