Jumat, 27 Desember 2013

Tuladha Pawarta



Semarak Candrakirana Nggladhi Kawegigan Mbeksa

Jaman iki sangsaya maju. Pangaruh globalisasi ya ora bisa kabendung maneh. Budaya Barat uga ajeg nyempyok tanpa bisa dikira-kira. Mula, kita kudu duwe sangu kanggo nanggulangi pangaruh budaya njaba iku, utawa kanggo sangu ngadhepi ngrembakane jaman. Salah siji cara bisa kanthi mupuk seni budayane dhewe.

Ing kutha Solo akeh banget seni budaya kang isih urip lan ngrembaka nganti saiki. Salah sijine yaiku seni beksan. Tumrape bocah, seni beksan bisa kanggo nggladhi pranata dhirine utawa teteging ati nalika ngadhepi kahanan apa bae. Kaya kang dilakoni sanggar tari Semarak Candrakirana. Kawit madeg 30 Juli 1998 nganti saiki, Semarak Candrakirana dadi papan gladhen beksan mligine kanggo bocah lan Kenya taruna.

Pangarsa Sanggar Tari Semarak Candrakirana, Irawati Kusumorasri, mratelakake para bocah kang padha ngangsu kawruh elmu lan seni beksan ing papan kono ora awates ngapalake obahing awak lan wirama pangiring beksan. Nanging, kang luwih wigati maneh, bocah uga diajak lan digandheng jroning sawijining karya, wiwit proses nyipta beksan nganti tatanan gerak lan koreografi.

“Dadine bocah ora nemu mateng, nanging uga melu ambyur jroning sawijining karya kang cinipta. Sing prelu digatekake, maneka proses nyipta karya beksan nganti pentas ing sawijining papan iku paweh pangaruh kang becik banget marang bocah. Maneka laku lan gerak awak iku genah njalari awake dadi kuwat, luwes, lan manteb. Dene sacara psikologis, bocah malih teteg, rasa pracaya dhirine tambah, dadi kendel tampil ing ngarep utawa ing panggung,” ujare Irawati, nalika ditemoni ind Sanggar, Rebo (6/4).

                                                   Kapethik saka : Solopos, 7 April 2011

Pawarta



Pawarta

Pawarta iku kudu bisa narik kawigaten kang maca utawa kang ngrungokake pawarta kasebut. Ana babagan kang kudu digatekake ing pawarta antarane aktuwal utawa anyar, misuwur, ora lumrah, lan dredah. Warta iku kudu bisa migunani tumrap kang maca utawa kang ngrungokake.

Maca warta penting kanggone masyarakat jaman saiki. Kanthi maca warta, kabeh informasi bisa dimangerteni. Warta saka radhiyo, televisi, lan ariwarti utawa kalawarti umume ngandharake babagan maneka warna. Macakake warta kanggo wong liya kudu nggatekake kedal, lagu, lan pangucapan kang cetha supaya warta kasebut bisa  katrima marang wong kang ngurngokake. Supaya warta iku bisa katampa dening kang ngrungokake, anggone maca aja banter-banter lan nganggo sikap maca kang bener.

Menawa wis bisa maca sawijining pawarta, banjur sinau carane nanggapi pawarta. Nanggapi pawarta tegese menehi sambutan marang pawarta kasebut kanthi menehi pamanggih setuju utawa ora setuju marang pawarta kang kewaca utawa dirungokake. Kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan antarane ing ngisor iki.
1.    Tanggapan diurutake utawa dijlentrehake kanthi panjlentreh kang cekak, padhet, lan uga digunggun sing apik.
2.    Pasulayan utawa bab kang bakal ditanggapi kudu cetha.
3.    Tembung-tembung lan ukara kang bakal digunakake gampang dimangerteni.
4.    Tanggapan kudu kinatenan alesan kang logis. Menawa diprelokake, tanggapan bisa diwenehi kanthi fakta lan bukti-bukti kang relevan.

Nalika nanggapi pawarta, sikap kang kudu diduweni, yaiku evaluatif lan objektif. Sikap evaluatif tegese nglakokake pambiji marang pawarta kang diwaca. Sikap objektif tegese ngadhepi pawarta kanthi apa anane.
Ing ngisor iki enem bagean kang bisa kanggo bobot timbang surasane pawarta bisa antuk kawigatene bebrayan akeh.
1.    Jeneng, tegese pawarta kang digiyarake ngenani wong kang nduweni kawentar, tuladhane tokoh politik, agama utawa artis kang gedhe banget pangaribawane marang masyarakat. Saka jeneng bae bisa langsung narik kawigatene masyarakat kanggo nyemak surasane pawarta kanthi cetha.
2.    Anyar (up to date ), tegese pawarta kang isih dadi undering rerasanan ana masyarakat bakal antuk kawigaten kang luwih tinimbang pawarta-pawarta kang wis kadaluwarsa.
3.    Penting, tegese pawarta kang digiyarake bisa dianggep penting kanthi ukuran hebat, arang kadadeyan, kadadeyan gedhe utawa kadadeyan kasebut ana sambung rapete karo bebrayan agung.
4.    Konflik, tegese larah-larahe kadadeyan ndadekake pasulatan utawa ontran-ontran bisa narik kawigatene para pamiyarsa.
5.    Caket, tegese prastawa utawa kadadeyan kang digiyarake bakal luwih bisa narik kawigaten menawa nduweni sesambungan kang cedhak karo pamiyarsa.
6.    Unik, tegese prastawa kang dilaporake nggumunake, arang kadadeyan bisa uga durung nate bisa kasil luwih narik kawigatene bebrayan akeh.

Crita cerkak



Crita cekak

Crita cekak yaiku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane utawa sawijining karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe. Ciri-cirine crita cekak yaiku critane ringkes, gegayutane karo lelakone manungsa, lan alur critane dumadi saka wiwitan, dredah, nganti ngrampungake prakara.

Unsur-unsur pambangun ing crita cekak antarane ing ngisor iki.
1.    Tema                   : gagasan penting sajroning crita
2.    Alur/plot             : lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas.
3.    Penokohan          : nerangake watak wantune ( karakter ) para paraga.
4.    Latar/setting        : ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning crita.
5.    Sudhut pandang   : carane panganggit nyritake critane.
6.    Amanat                : piwelinge penganggit marang kang maca crita iku.

Sawise mangerteni pangerten lan unsur-unsur kang mbangun crita cekak, kowe bisa ngapresiasi crita cekak kasebut. Apresiasi crita cekak yaiku kegiatan ngamati lan menehi pambiji marang wose crita cekak. Wos kang diapresiasi sajroning crita cekak biasane ngandhut nilai-nilai lan werdi. Nilai-nilai ing sajroning crita cekak kasebut ing ngisor iki.
1.    Nilai moral, yaiku wulangan ngenani becik, alane panindak, sikap, kuwajiban, akhlak, budi pakarti, lan kasusilan kang ditampa bebrayan.
2.    Nilai keagamaan, yaiku wulangan ngenani panghargaan dhuwur kang diwenehake dening warga masyarakat marang saperangan prakar pokok ing bebrayan keagamaan kang suci saengga bisa didadekake pepanthan kanggo tindak-tanduk kang ana gegayutane karo bebrayan kasebut.
3.     Nilai sosial, yaiku wulangan perangan-perangan kang ana gegayutane karo bebrayan agung.
4.     Nilai budaya, yaiku wulangan ngenani adhat-istiadhat kang katindakake ing sawijining dhaerah utawa negara kang ana gegayutane karo cara urip, cara mikir, lan cara kerja.


Rabu, 11 Desember 2013

Bebasan, Paribasan, lan Saloka



Bebasan, Paribasan, lan Saloka
1.    Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang gumathok, ajeg panganggone, ngemu rasa pepindhan, dene sing dipindhanake pakarti utawa kaanan wong.
Tuladha :
a.     Ancik-ancik pucuking eri.
Tegese   : nyambut gawe tansah minggrang-minggring wedi yen luput.
b.    Kebo lumumpat ing palang.
Tegese   : ngadili prakara ora nganggo wewaton (pathokan ukum)
c.     Diwenehi ati ngrogoh rempela.
Tegese   : wis diwenehi sethithik, malah njaluk luwih akeh.
2.    Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang gumathok, ajeg panganggone, lan tegese wantah.
Tuladha :
a.     Becik ketitik ala ketara.
Tegese   : becik lan ala bakal ketara ing tembe burine.
b.    Gayuk-gayuk tuna.
Tegese   : samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.
c.     Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
Tegese   : kerukunan ndadekake kasantosan, congkrah ndadekake karusakan.
3.    Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang gumathok, ngemu surasa pepindhan, dene pepindhan mau tumrap wong lan kaanan utawa pakartine.
Tuladha     :
a.     Ora ganja ora unus.
Tegese   : wong kang ala rupane uga ala atine.
b.    Ngalem legine gula.
Tegese   : ngelembana kapinteran lan kaluwihane wong kang pancen pinter utawa linuwih.
c.     Sedhekep ngawe-awe.
Tegese   : wis ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni tumindak ala maneh.