Tampilkan postingan dengan label Apresiasi. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Apresiasi. Tampilkan semua postingan

Rabu, 01 Januari 2014

Campursari



Aja sujana

Aku wis ngaku salah kandha sak nyatane
Saka ati ramung ana lambe
Geni sing ning ati
Enggal disirami
Ya ben adhem kaya dhek wingi
Mbok wis aja sujana
Aja nyeksa raga
Tresna kuwi mesthi ana godha
Mawa sing ning dhadha
Enggal dileremna
Ya ben tentrem kaya dhek semana
Ronce-ronce melati benange lawe
Pupus klapa sing ngelengke
Nganti tuwa aku isih trisna kowe
Sanajan ana godha sepira akehe

Campursari



Caping gunung

Bawa :
Saben wengi nyawang konang
Yen memajang mung karo janur kuning
Kembang bae weton gunung
Pacitan sarwi jenang
Panas udan, panas udan aling-aling
Nadyan wadon sarwi lanang
Inumane banyu wening
Dhek jaman berjuang, njur kelingan anak lanang
Biyen dakopeni, ning saiki ana ngendi
Jarene         wis menang, keturutan sing digadhang
Biyen ninggal janji, ning saiki apa lali
Neng gunung, dakcadhongi sega jagung
Yen mendhung, daksilihi caping gunung
Syukur bisa nyawang, gunung desa dadi reja
Gene ora ilang, nggone padha lara lapa
Reff :
Neng gunung, dakcadhongi sega jagung
Yen mendhung, daksilihi caping gunung
Syukur bisa nyawang, gunung desa dadi reja
Gene ora  ilang, nggone padha lara lapa

Campursari



Ketaman Asmara

Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora bisa turu
Tansah kelingan sliramu
Wong kang dadi pepujanku
Bingung rasaning atiku
Arep sambat nanging karo sapa
Nyatane ora kuwawa
Ngrasakake atiku mung tansah nelangsa

Reff :
Wis tak lali-lali
Nanging tekan besuk kapan
Nggonku mendhem ora bisa turu
Apa iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman asmara
Nyatane ora kuwawa
Ngrasakake atiku sing saya nelangsa

Jumat, 27 Desember 2013

Crita cerkak



Crita cekak

Crita cekak yaiku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane utawa sawijining karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe. Ciri-cirine crita cekak yaiku critane ringkes, gegayutane karo lelakone manungsa, lan alur critane dumadi saka wiwitan, dredah, nganti ngrampungake prakara.

Unsur-unsur pambangun ing crita cekak antarane ing ngisor iki.
1.    Tema                   : gagasan penting sajroning crita
2.    Alur/plot             : lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas.
3.    Penokohan          : nerangake watak wantune ( karakter ) para paraga.
4.    Latar/setting        : ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning crita.
5.    Sudhut pandang   : carane panganggit nyritake critane.
6.    Amanat                : piwelinge penganggit marang kang maca crita iku.

Sawise mangerteni pangerten lan unsur-unsur kang mbangun crita cekak, kowe bisa ngapresiasi crita cekak kasebut. Apresiasi crita cekak yaiku kegiatan ngamati lan menehi pambiji marang wose crita cekak. Wos kang diapresiasi sajroning crita cekak biasane ngandhut nilai-nilai lan werdi. Nilai-nilai ing sajroning crita cekak kasebut ing ngisor iki.
1.    Nilai moral, yaiku wulangan ngenani becik, alane panindak, sikap, kuwajiban, akhlak, budi pakarti, lan kasusilan kang ditampa bebrayan.
2.    Nilai keagamaan, yaiku wulangan ngenani panghargaan dhuwur kang diwenehake dening warga masyarakat marang saperangan prakar pokok ing bebrayan keagamaan kang suci saengga bisa didadekake pepanthan kanggo tindak-tanduk kang ana gegayutane karo bebrayan kasebut.
3.     Nilai sosial, yaiku wulangan perangan-perangan kang ana gegayutane karo bebrayan agung.
4.     Nilai budaya, yaiku wulangan ngenani adhat-istiadhat kang katindakake ing sawijining dhaerah utawa negara kang ana gegayutane karo cara urip, cara mikir, lan cara kerja.


Minggu, 01 Desember 2013

Tembang Dolanan

Tembang dolanan yaiku reriptan gagrag anyar sing ora nganggo paugeran guru gatra, guru wilangan, lan dhong dhing, nanging bisa dilagokake lan dibarengi wiramaning gendhing. Mula saka iku, tembang dolanan bisa diarani gendhing-gendhing dolanan. 

Tembang dolanan biyasa ditembangake dening bocah-bocah cilik, utamane ing padesan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalake bab sato kewan, sato iwen, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalane. Kadang kala tembang dolanan uga ditembangake dening waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit. 

Tembang dolanan kuna umume wujud kasusastran para anonim, yaiku ora dingerteni sapa pangriptane lan kapan dikarang uga ora dingerteni, nanging lelagon mau wis kaprah lan diapali dening bocah-bocah.

Tembang dolanan kuna
1. Cublak-cublak suweng 
2. Gajah-gajah
3. Sluku Bathok
4. Gundhul Pacul
5. Jamuran
6. Jaranan 
7. Kidang Talun
8. Kupu Kuwi
9. Lir ilir
10. Menthok-menthok
11. Padhang Bulan
12. Pitik Tukung
13. Suwe ora jamu
14. Te Kate Dipanah

Tembang dolanan gagrag anyar
1. Lesung Jumengglung
2. Swara Suling
3. Prau Layar
4. Warung Pojok
5. Goyang Semarang
6. Sapa Ngira
7. Ngundha Layangan 
8. Sapu Tangan
9. Mari Kangen
10. Caping-capinge

Tuladha :
                   Swara Suling
Swara suling, ngumandhang swarane 
thulat thulit, kapenak unine
uuuunine mung
nrenyuhake bareng lan kentrung
ketipung suling, sigrak kendhangane