Tampilkan postingan dengan label Nulis. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Nulis. Tampilkan semua postingan

Rabu, 11 Desember 2013

Bebasan, Paribasan, lan Saloka



Bebasan, Paribasan, lan Saloka
1.    Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang gumathok, ajeg panganggone, ngemu rasa pepindhan, dene sing dipindhanake pakarti utawa kaanan wong.
Tuladha :
a.     Ancik-ancik pucuking eri.
Tegese   : nyambut gawe tansah minggrang-minggring wedi yen luput.
b.    Kebo lumumpat ing palang.
Tegese   : ngadili prakara ora nganggo wewaton (pathokan ukum)
c.     Diwenehi ati ngrogoh rempela.
Tegese   : wis diwenehi sethithik, malah njaluk luwih akeh.
2.    Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang gumathok, ajeg panganggone, lan tegese wantah.
Tuladha :
a.     Becik ketitik ala ketara.
Tegese   : becik lan ala bakal ketara ing tembe burine.
b.    Gayuk-gayuk tuna.
Tegese   : samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.
c.     Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
Tegese   : kerukunan ndadekake kasantosan, congkrah ndadekake karusakan.
3.    Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang gumathok, ngemu surasa pepindhan, dene pepindhan mau tumrap wong lan kaanan utawa pakartine.
Tuladha     :
a.     Ora ganja ora unus.
Tegese   : wong kang ala rupane uga ala atine.
b.    Ngalem legine gula.
Tegese   : ngelembana kapinteran lan kaluwihane wong kang pancen pinter utawa linuwih.
c.     Sedhekep ngawe-awe.
Tegese   : wis ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni tumindak ala maneh.

Parikan



Parikan
Parikan ing Basa Indonesia padha karo pantun utawa karmina. Parikan yaiku unen-unen rong gatra kang gatra kapisan pacandhan lan gatra kapindho mawa teges kang dikarepake. Wanda pungkasan gatra kang kapisan kecape padha karo wanda pungkasan gatra kang kapindho. Gatra kapisan minangka purwaka, dene karepe ana ing gatra kapindho. Paugeraning parikan antarane ing ngisor iki.
v Cacahing wanda ukara kapisan kudu padha karo ukara kapindho.
v Ukara kang ngarep minangka kanggo bebuka, dene ukara kapindho minangka wos utawa surasane (ing Basa Indonesia diarani sampiran la nisi).
v Tibaning swara (guru lagu utawa dhong-dhinge) ukara kapisan kudu padha karo ukara kapindho.
v Parikan bisa katulis dadi rong gatra utawa larik, nanging uga bisa katulis dadi patang gatra.
v Saben sagatra bisa kapedhot dadi 4-4, 4-8, utawa 8-8.
Tuladha :
Parikan 4-4
Abang-abang ora legi, ora legi,
Tiwas magang, ora dadi.
Parikan 4-8
Cengkir wungu, wungune asulak biru
Ambeg sadu, sabar drana momot mengku.
Parika 8-8
Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhonge plasa,
Esuk mikir sore mikir, sing dipikir rumangsa.

Tembung



Tembung
Tembung yaiku kumpulane wanda kang duwe teges. Warnane tembung ana loro, yaiku tembung lingga lan tembung andhahan.
*    Tembung lingga yaiku tembung kang durung kawuwuhan, karangkep, utawa kacambor saengga durung owah saka asale.
Tuladha : sapu, gawa, tulis, pangan, lan sapiturute.
*    Tembung andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale amarga wis antuk wuwuhan kang awujud ater-ater, seselan, panambang, lan amarga dicambor, sarta dirangkep.
Tuladha : nulis, mangan, bukuku, lan sapiturute.
Ø  Ater-ater
Ater-ater yaiku wanda kang manggon ing sangarepe tembung lingga. Ana telung warna ater-ater ing antarane ater-ater hanuswara, tri purusa, lan liyane.
ü  Ater-ater hanuswara : am-, an-, ang-, any-
Tuladha :
Sapu          : any- + sapu       : nyapu
Tulis          : an- + tulis         : nulis
ü Ater-ater tri purusa : dak-, ko-, di-
Tuladha :
Silih           : dak- + silih       : daksilih
Jupuk         : ko- + jupuk      : kojupuk
Goreng       : di- + goreng     : digoreng
ü  Ater-ater liyane : tar-, pra-, para-, ka-, sa-, si-, kami-, kapi-, pa-, lan sapiturute.
Tuladha :
Lumpat      : ma- + lumpat    : malumpat
Buka          : tar- + buka        : tarbuka
Lilah          : pa- + lilah         : palilah
Ø Seselan
Seselan yaiku wanda kang manggon ing satengahe tembung lingga. Warnane seselan ana papat, yaiku –um, -in, -el-, lan –er-.
Tuladha :
Guyu          : -um- + guyu     : gumuyu
Siwer         : -el- + siwer       : seliwer
Ø Panambang
Panambang yaiku wanda kang manggon ing samburine tembung lingga. Warnane panambang, yaiku –en, -a, -ana, -ni, -ake, -ke, -aken, lan sapiturute.
Tuladha :
Jiwit           : di- + jiwit + -ake        : dijiwitake
Sawang      : any- + sawang + -a    : nyawanga
 Ø Dirangkep
Tembung andhahan amarga dirangkep utawa direduplikasi ing Basa Jawa ana telu, yaiku dwipurwa, dwilingga, lan dwisasana.
ü Dwipurwa yaiku tembung-tembung kang dumadi saka pangrangkepe purwane tembung lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembung.
Tuladha :
Bungah – bubungah – bebungah
ü Dwilingga yaiku tembung lingga kang dirangkep. Pangrangkepe lingga iki ana kang karangkep wutuh lan ana kang karangkep mawa owah-owahan swara. Tembung lingga kang karangkep wutuh sinebut dwilingga, dene kang karangkep kanthi owah-owahan swara sinebut dwilingga salin swara.
Tuladha :
Tembung dwilingga                       : gedhe-gedhe
Tembung dwilingga salin swara    : tokan-takon
ü Dwiwasana yaiku tembung kang ngrangkep wanda wekasan utawa ngrangkep wasanane tembung.
Tuladha :
cekak – cekakak
Ø Dicambor
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji lan tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar. Tembung camboran ana rong warna, yaiku camboran wutuh lan tugel.
Tuladha :
Tembung camboran wutuh   : edi peni, gagah prakosa
Tembung camboran tugel     : bangjo, dhegus, dubang.

Jumat, 06 Desember 2013

Nulis Layang Pribadi



Nulis Layang Pribadi
Surat utawa layang nduweni pangerten yaiku salah siji bentuk komunikasi kang awujud tulisan. Manut basa, isi, sipat lan asale, layang bisa diperangi dadi papat, yaiku :
a.     Layang resmi
b.    Layang dina
c.     Layang niaga
d.    Layang pribadi
Layang pribadi yaiku layang kang tujuane kanggo kepentingan pribadi, kayata anak marang wong tuwane, kowe marang kancamu raket, lan sak piturute.
Menawa arep gawe layang kudu mangerteni perangane layang kang jangkep :
a.     Satata basa                  : alamate layang bisa katulis ing dhuwur dhewe sisih tengen, uga bisa ing dhuwur dewe sisih kiwa. Biasane layang ulem ana sing ora nganggo satata basa.
b.    Adangiyah                  : nelakake unggah-ungguhing sing kirim layang pawarta.
c.     Pambuka                     : nelakake kabar keslametan sing kirim layang lan pangarep-arep supaya sing dikirimi uga slamet.
d.    Surasa basa                 : nelakake apa bae sing prelu dikabarake marang sing dikirimi.
e.     Wasana basa               : nelakake panjurung kang gegandengan karo isine layang.
f.      Titi mangsa                 : nelakake nalika nulisa layang.
g.     Peprenahan                 : nelakake prenahe wong sing ngirimi karo sing dikirimi surat, upamane bapak, ibu, eyang, ingkang putra.
h.    Tapak asma                 : nelakake tandha tangane sing kirim layang.
i.       Asma terang                : nelakake jeneng cetha sing kirim layang.