Tampilkan postingan dengan label cerita cekak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label cerita cekak. Tampilkan semua postingan

Rabu, 01 Januari 2014

tuladha cerkak

“Endahing Sodakoh”
          Saskia sawijining prawan umur 7 tahun, ananging deweke nduweni nasib sing kurang pener. Wong tuwane nduweni pagawean dadi buruh serabutan sing ora duwe penghasilan tetep. Saskia lungguh ing bangku kelas 1 SD, deweke bocah sing apik, sregep, pinter, la mituhu kalangan adreng kakasepane kanggo ngangsu kawruh.
          Sak baline saka sekolah deweke mesti golek gawean kanggo mbiyantu wong tuwane anggone mbayar sekolah.
      “Bu kula mlampah sekolah riyin nggih” swasana munine karo nyedaki ibune sing ngumpukake kumbahan tanggane sambi tangan silike iku sungkem neng astane ibune.
      “Iyo, ngati-ati ya Kia, sinau sing bener yo nak” jawab ibune sinambi bgelus sirahe anake kuwi.
      “Inggih, tentu Ibu” ujar Saskia kebaking semangat.
         Saskia mungil iku lumaku nelusuri sawah kang becek lan kali sing lagi asat banyune, pancen gede semangat juange prawan cilik iku kanggo tumuju sekolahe. SD Negeri Maju Jaya, iku sekolah sing durung kejamah karo pemerintah, sekolah iku ora llayak banget digunakake lan ing mangsa rendeng wae kepekso dipreekke. Ing kelas Saskia iku siswi sing aktif banget lan cerdas, dewekke nglungguhi peringkat pisanan ing kelas semester pisanan.
               “Saskia, nderek Ibu dhisik nduk ten kantor” ature Bu Hidayah.
               “Nggih Bu” Jawabe Saskia.

         Tekan ing ruang kantor guru, Saskia lungguh ing kursi lawas iku.
      “Nak... iki layang kanggo ibumu, sesuk ibumu ngadap ibu yo” ature Bu Hidayah alon.
         “Pancenioun wonten menapa Bu?” pitakon Saskia polos.
         “Kowe durung mbayar SPP 5 wulan nak”  jawabe Bu Hidayah.
      “Ooo perkawis niku, inggih Bu matur nuwun” Jawabe Saskia sambi menyat lunga saka ruangan iku.
         Wektu bali sekolah wis teko. Saskia ageage tumuju kamar mandi lan ganti sandangan kanggo golek gawean ing dino iki. Banjur alon alon Saskia tumuju pasar sing wis biasane diparani.
      “Measakake Ibu lan Bapak, aku kudu mbantu piyambake” grenenge Saskia anaing batine.
         Wektu iki Saskia nyambut gawe mbiyantu Ibu-ibu sing ngasto blanjaan akeh.
               “Ibu, pareng kula ngrencangi mbeto blanjaanipun?” Saskia nawani.
               “Iyo oleh nak”
         Dino iku lumayan ,Saskia oleh upah duwit 25ewu lan deweke ageage bali sebab wektu iku wis san soyo sore banget. Ind dalan deweke ketemu karo pengemis tua, lan deweke rumangsa ternyuh banget marang pengemis iku.
      “Simbah kadosipun lemes sanget, simbah sakit?” pitakon Saskia marang pengemis iku.
      “Aku durung mangan wis rong dina iki nak, aku mung ngombe banyu putih tok, iku wae ming ping pindo” Jawabe pengemis iku lemes.
      “Menawi ngaten niki ngangge simbah, lumayan kangge tumbas dahar lan unjukan” sinambi ngulungake duwit 25ewu  sing mau ditampa saka asile nyambut gawe.
      “Nuwun ya nak kowe pancen bocah cilik sing mulya budi pekertimu, mogo mogo Gusti tanssah maringi kacukupan marang awakmu” Jawabe pengemis iku rumangsa ternyuh marang tumindake Saskia.
      “Inggih sami-sami mbah, kula wangsul riyin nggih mbah, simbah enggal-enggal mawon mundhut dahar lan unjukan, sepados simbah tansah sehat” ucape Saskia lan terus menyat ninggalake emperan toko iku banjur bali.
      “Iyo ngati-ati nak”
      “Inggih mbah” Saskia mesem nyawang simbah iku sing uga ngesemi deweke.
Saktekane Saskia ing ngomah.
      “Assalamualaykum” kanthi suara sing lucu iku deweke mbukak lawang.
      “Wa’laikumsalam, kowe seko ngendi wae Kia?” pitakone ibune
      “Wau kula kerja mbiyantu ibu-ibu ing pasar mbetaaken blanjaanipun bu” jawabe Saskia kanthi peraupan sing polos.
      “Aduh nak, kowe ora usah kerja manih yo nak, tugasmu ming sinau sakiki, ben Ibu lan Bapak wae sing golek duwit kanggo biaya sekolah mu nak” ature ibne Saskia sambi netesake eluh sebab piyambake rumangsa ternyuh marang anake sing gelem kerja kareben sekolahe langgeng.
      “Ibu mboten usah muwun, Kia mboten napa-napa kok Bu” tangan cilike ngusap eluhe ibune.
      “Ngapurangen ibu lan bapak ya Kia? ,wong tuwamu durung bisa nyenengake kowe kaya bocah-bocah liane, sakiki ndang adus lan maem yo nak” sambi nyayang lan ngaras pipine kang ndembil iku.
      “Kula mboten napa-napa bu ,nanging nyuwun ngapunten ugi bu, dinten iki kula mboten mbeto arta, artane kula paringke simbah sepuhten mergi ingkang dereng dahar wau” ucape Saskia polos karo ngrangkul ibune.
      “Kowe pancen anake ibu sing ayu tenan tur becik, iku tumindak sing luhur, kowe ora perlu nyuwun ngapura marang ibu” jawab ibune mongkog.
      “Emmm.... niki serat saking bu guru kangge bapak lan ibu, ngendikanipun ibu benjang kapurih tindak dateng sekolah kula, kangge manggihi Bug Guru Hidayah” sambi ngetokake layang saka tas sing wis suwek cilik ing bagian kiwo tengene.
      “Iyo ,sesuk ibu arep ning sekolahmu nak”
         Ing dina esuke Saskia mangkat sekolah dikancani ibune. Ing dalan Saski menehake duwit receh marang para pengemis sing kapethuk.
      “Kowe pancen peri cilike ibu nak” grenenge batine ibune sambi mesem mongkog.
         Sak tekane sekolah, Saskia langsung nderekake ibune menyang ruangan guru kanggo nemoni Bu Hidyah.
               “Assalamualaykum Bui” ucape Saskia.
               “Wa’alaykumsalam sumangga pinarak lenggah bu” jawabe Bu Hidayah.
      “Sakestu nipun wonten menapa to bu? Kok ndawuhi kula supados  sowan ibu mriki?”
      “Ngenggi bayaran SPP, Kia dereng mbayar limang wulan”  Bu Hidayah jelasake
      “Oooo perkawis menika, ingih bu kula badhe enggal nglunasi, nanging kula nyuwun inah setunggalminggu nggih bu” jawabe ibune Saskia.
      “Inggih menawi mekaten bu” jawabe Bu Hidayah.
         Sabanjure ibune Saskia bali deweke mikir kepiye carane supaya deweke bisa mbayar aning wektu minggu iki. Karo mlaku alon-alon deweeke nubruk ibu enom tur sugih kang ngagem sandhangan warna biru langit lan nggagem jilbab kang nutupi aurate.
      “Nyu..nyu..nyu nyuwun ngapunten bu, kula mboten sengaja” ucape ibune Saskia gugp.
      “Nggih mboten napa-napa bu, ibu kenging menapa kok ngalamun? Kamangka suasanaipun rame ngaten?” pitakone ibu Riana alon.
      “Mboten Bu, kulo butuh biaya sekolah anak kulo 
      “Menawi mekaten ibu kerso dados rencang ing griya kula,
      “kaleresan kulo nembe mbetaken rencang, kulo badhe nggaji Rp 1.000.000,- per wulan? Kados pundi bu?= Tawarane Bu Riana marang Bu Saskia
      “Y... inggih kulo betah arto ing minggu niki Bu, nanging kulo betah anto ing minggu niki Bu” kanthi rupanipun kang sumringah lan mbanjur mbleret meneh.
      “Sampeyan boten perlu khawatir ngengingi biaya sekolah putrane, kulo ingkang nanggung”
      “Leres meniko bu? “ roso rapercaya marang ature bu Riyana
      “Inggih leres bu” kanthi mesem manis kang lubak riso kapercayan yen ibune Saskia sawijining ibu sing jujur lan tanggung jawab
      “Matur nuwun bu, matur nuwun sanget bu!” Jawawb ibune Saskia bunggah
      “Menawi mekaten sak niki ibu ten nggriyo kulo lan saget wiwiti kerjo dino niki” Jelas ibu Riyana
      “Inggih bu, kulo purun!” kanthi roso kebak ing semangat lan sak banjure Siska biso sekolah kanthi nyaman lab biso nekmati masa kanak-kanak kanthi wajar.

      “Iki kabeh amargo bocah kuwi ugo, deweke tansah seneng menehi sodakoh karo sepodo-podo lan saiki Allah S.W.T maringi piwales kang luwih soko sing disodakohke. Allah asa nate sare lan Allah tansah mirungakake panjertie atine para kawulane, matur nuwun ya Allah awit sedoyo sih kanikmatan, sak meniko kulo sanget ngatosaken ridhaning bersodakoh.


 http://prawunda-eriko.blogspot.com/2013/09/contoh-cerkak-bahasa-jawa_17.html

tuladha cerkak

Amarga Salah Paham

Sawijining dina…
Ora kaya biasane Pras lan Pandu sing   kawentar minangka kanca raket iku meneng-menengan lan katon wis rong dina  ora guneman , amarga kuwi Yudha sing bocah anyar pindahan saka kutha nanging uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi supaya paseduluran ing antarane bocah loro iku ora pedhot.
“Pras, aku lihat-lihat wis rong dina iki  koq nggak bertegur sapa karo Pandu, memangnya kowe ono masalah ya karo Pandu?” pitakone Yudha nganggo basa jawa sing grothal grathul
“ora koq Yud, ora ono apa apa” jawabe Pras singkat
“ayolah Pras, ora usah ngapusi ..kalian kan sahabat, kanca kenthel malah kata Bu Guru, pasti ada sesuatu kan mmungkin wae aku bisa bantu” Yudha tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem crita
“Yud,  sebenere pancen  aku karo Pandu wis ora sapa aruh rong ndina iki, tapi iki merga kabeh salahe koq, mosok buku diktat  sing disilih Pandu  ki ngakune wis dibalikke seminggu kepungkur , padahal kenyataane durung mbalik ning aku, nanging Pandu ngodro yen wis dibalikke pas dolan ning omah malah ganti nuduh aku pikun jan nggregetke tenan bocah iku” pungkasane Pras crita dawa
“ooo…ngono to Pras, tapi memang nya sudah kamu cari ke tempat lain selain di meja belajarmu Pras, ya siapa tahu bukunya ketlisut dimana gitu?” Yudha nyoba takon kanthi ati-ati
“apa kowe ya nuduh aku pikun, lali ndeleh buku ning endi to Yud?” Pras rada muring-muring ditakoni ngono
“yo nggak gitu, aku kan cuman nanya…sapa ngerti gitu, ntar aku boleh kan main ke tempatmu, tak nyoba bantu kamu nyari sekalian belajar bareng kaya biasane, piye Pras?” pitakone Yudha
“yo gak pa pa sih ,sinau bareng wae ning nggonku Yud” jawabe Pras
“iya deh…sip. sampai ketemu ngko sore yo pras”
***
Sejam sakdurunge….
“dadi ngono critane Yud, mosok aku ki yo ngapusi to wong cetha cetha aku ki wis mbalikke bukune Pras koq pas aku dolan ning omahe
“ooh gitu critanya Pan..hem mungkin saja Pras lupa lali kalau buku yang kamu pinjam wis mbok balikke yo” ujare Yudha
“lagian Pras iku kan lalinan Yud, kowe ngerti dhewe kan muga muga sih bukune pancen ming ketlisut, aku yo dadi ora penak gara-gara buku dhewe dadi meneng menengan ngene, dikirane aku ora njaga amanah to”curhate Pandu maneh
“ya sudah kalau gitu, nanti sore kamu ikut aku saja kita sianau bareng seperti biasanya, nanti sambil njelasin masalah ini biar selesai, gimana?”
“yo wis aku melu wae Yud, aku yo bakal ngganti bukune yen pancen ora ono”
***
sore iku ing omahe Pras
“Pandu, aku njaluk ngapura yo jebul buku diktat sing mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi gara-gara tak nggo sinau bengi-bengi nganti keturon malah tiba ning ngisor dipan, dhek awan tak temu pas resik resik kamar…..maaf yo aku wis nuduh kowe rung mbalikke” Pras ngomong sinambi ndhingkluk nalika Pandu lan Yudha teka ing omahe
“wah syukur nek ngono Pras, aku ki yo kepikiran terus, wis ora perlu isin . aku yo njaluk ngapura amarga ngenengke awakmu….kosong kosong yo Pras dhewe tetep kekancan to?” jawabe Pandu
“he em ora ming kekancan tapi seduluran” Pras ngomong sinambi ngrangkul pandu
“nah gitu donk…kalian kan sahabat baik, sudah seharusnya saling memaafkan dan berbaikan lagi seperti ini” Yudha katon seneng amarga usahane kasil
“maturnuwun y Yud…kamu memang baik hati”ujare Pras lan Pandu bebarengan
“okeee…sama-sama yuk….sinau bareng e ndang dimulai”

 http://bahasa.kompasiana.com/2012/02/21/amarga-salah-paham-cerkak-basa-jawa-ngokoan-440542.html

Tuladha cerkak

Balapan
            Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang ngumur sewelas tahun  utawa kelas lima SD. Amerga wis ngrasaake kepenake nunggang motor, dadi kebiasane Aji yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut Negara sing oleh numpak montor iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.
            Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro ing ngomahe.
            “Ji, aji…aji….” Fatih bengak-bengok ing ngarep omahe Aji.
            “ Woi…..dilit” suarane Aji saka njero ngomah.
            Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih .
            “Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.
            “He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!”
            “Wuuuuu…..awak wae sing digedeke, pikiran ya digedeke !”calethune Fatih.
            “ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” pitakone Aji.
            “Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. engko balapan wis, gelem ra?”jawabe Fatih karo cengar-cengir.
            “Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro.”
            “Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.”
            “Apa hubungane ro ciduk???”
            “Ha…ha..ha… dingo adus.” Jawabe fati karo nguyu cekikikan.
            Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetoake motore. Treng…treng…teng….teng…teng…suarang motor jet collede Aji lan Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune aji Pas lagi duka.
            “Siap rung tih?”pitakone Aji kang wos siap arep balapan.
            “ Siap ndan.” Wangsulane Fatih
            “Siji…loro…telu…”
            Treng …..treng….teng….teng…..aji lan fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan lorenzzo.
            Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget banget,dheweke bingung lan gugup.
            “Lik….lik….lik…awas”
            Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur.
            “kepriye tha le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye nek ngeneki?”pituture bakul some.
            “ Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang kaweden.
            “Saiki daganganku uwis ora payu,amerga someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”
            “Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”
            Ahire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-banter.