Tampilkan postingan dengan label Maca. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Maca. Tampilkan semua postingan

Selasa, 31 Desember 2013

Wacan Rumpang



Maca wacan kang rumpang

Sawijining teks iku nduweni panunggalan teges utawa arti. Mula, teges utawa maksud utawa arti bagean ngarep sawijining teks nduweni sesambungan utawa koherensi karo maksud bagean teks sabanjure. Mula iku, yen salah siji ukara durung rampung, wong kang maca bisa menehi tambahan supaya ukara kasebut ganep utawa bisa ngira-ira ukara bacutane.
Kanggo ngira-ira bacutane, pamaca kudu nggatekake penandha-penandha kohesi kang gunane nyambungake ukara karo ukara, antarane :
1.    Tembung-tembung kang nuduhake (references), kaya iku, iki;
2.    Tembung-tembung kang dadi pengganti (substitution), kaya kowe, aku, dheweke, lan sapiturute;
3.    Tembung kang dibaleni (repetition);
4.    Tembung kang diilangi (ellipsis);
5.    Tembung kang kanggo nyambung (conjunction), kaya nanging, amarga, mula iku, lan sapiturute.
Konjungsi utawa penandha kanggo nyambungake ukarane antarane :
a.     Konjungsi pratandha, kayata sarta, ingkang kapisan, salajengipun;
b.    Konjungsi wektu, kayata saderengipun, rikala, samangke;
c.     Konjungsi klimaks, kayata saestu, satuhu, langkung-langkung;
d.    Konjungsi kang sipate nandhingake, kayata kados, bebasan;
e.     Konjungsi pratandha kosok balen, kayata senadyan, ananging, ewasemanten;
f.      Konjungsi pratandha gambaran utawa ilustrasi, kayata upaya, tuladha;
g.     Konjungsi pratandha sebab akibat, kayata pramila, awit saking punika;
h.    Konjungsi syarat, kayata menawi, bilih;
i.       Konjungsi pratandha alat, kayata karo, mawi, kaliyan, nganggo; lan
j.       Konjungsi pratandha kasimpulan, kayata wosipun, ringkesanipun.

Rabu, 11 Desember 2013

Maca Cepet



Maca Cepet
Maca cepet yaiku maca sakakeh-akehe kanthi wektu kang sacepet-cepete. Maca cepet diwastani kasil menawa saben menit wis bisa antuk 250 tembung, menawa durung bisa nggunakake cara ing ngisor iki.
1.    Maca jroning batin kanthi konsentrasi.
2.    Swara lembut cukup keprungu dhewe.
3.    Aja nggunakake tuding utawa driji.
4.    Aja ngobahake sirah lan mripat tumuju ana wacan.
5.    Aja mbaleni tembung kang wis diwaca.
6.    Aja ngeja aksara.
Katrampilan dhasar maca antarane katrampilan ngawasi mripat, tembung, frasa, lan tembung kunci. Ana rong cara nalika maca cepet, yaiku cara skimming lan scanning.
1.    Skimming yaiku cara maca kanggo nggoleki bab-bab kang wigati kanthi cepet, tuladhane nggoleki pokok pramasalahan, pendhapat wong utawa kang penting kanthi ora maca kabeh.
2.    Scanning yaiku cara maca kanggo nggoleki kabar informasi kang wis dibutuhake, carane cukup maca bagean kang digoleki, tuladhane nggoleki nomer telpun ing buku telpun, nggoleki tembung ing kamus, nggoleki nomer indeks, lan sapiturute.
Kanggo ngitung bantere utawa cepete maca, ana rumus kang bisa digunakake. Rumus maca cepet kasebut yaiku :



Cacahe tembung kang diwaca    x 60 = cacahing tembung saben menit (tsm)
 Cacahe detik kanggo maca