Materi Basa Jawa SMA
Rabu, 01 Januari 2014
Megatruh
Megatruh
Aywa pegat ngudira ronging budyayu
Margane suka basuki
Dimen luwar kang kinayun
Kalis ing panggawe sisip
Ingkang taberi prihatos
Pangkur
Pangkur
Werdine sabar mangkana
Gatan kemba ing sabarang makarti
Ngapura mring para luput
Limpat ing panggraita
Tan kasesa waspada ing hambeg dudu
Tandang graying mung samadya
Tanduk aris ulat manis
Asmaradana
Asmaradana
Anjasmara ari mami
Masmirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng Kutha Prabalingga
Prang tandhing wuru Bisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
Dhandhanggula
Dhandhanggula
Surasane wasita jinarwi
Paring saking kang Maha Kuwasa
Jinereng jumbuh jamane
Dadi mulya sagung pra janmi
Rading pra Nata Praja
Keduga satuhu
Puhing tindak dursila
Lelangen mring Pancasila mrih utami
Garan mulyaning bangsa
Gambuh
Gambuh
Mrih amrih aja pijer mumbul
Kabeh sesanggan jrone uripmu
Butuhira den tliti angati-ati
Aja kongsi waton antuk
Utang banjur gampang tledhor
Postingan Lebih Baru
Postingan Lama
Beranda
Langganan:
Postingan (Atom)